Kacarita ing sawijining
dina para punakawan padha kumpul. Semar mbabarake menawa bakal ana wahyu kang
mudhun yaiku kang aran wahyu purbakayun. Purba tegese ngopeni lan kayun tegese
kekarepan. Dadi wong kang bakal nampa wahyu kuwi wong sing bisa njaga
kekarepane amrih kanggo tumindak bebener. Bathara Guru kepasrahan supaya
maringake wahyu kuwi marang wong kan sejatine kudu nampa wahyu kuwi. Nanging
wahyu kuwi malah diparingake marang putrane dhewe, yaiku dewa Srani, kang
sejatine ora nduweni hak nampa wahyu mau. Ewadene wahyu mau malah kanggo
tumindak kang ora bener. Dewa Srani nduweni niyat arep mateni Janaka. Ing
tengah dalan Dewa Srani ketemu Anoman kang arep mapag lakune. Salorone banjur
perang. Pungkasane Anoman menang lan dewa Srani kepeksa mlayu golek dalan
trabasan liyane.
Ing wayah liya
punakawan ketemu Janaka ing dalan, banjur ndherekake bendarane kuwi. Ana ing
tengah dalan ana kang nyegat lakune Janaka, yaiku buta saka tunggul maluyo.
Perang banjur kedadeyan. Buta mau padha kalah banjur dewa Srani metu ngadhepi
Janaka banjur padha perang. Kanthi dhasar dhawuhe ibune, dewa Srani njemparing
Janaka. Pungkasane Janaka kalah.
Ing Jonggringsalaka,
Semar ndangu Bathara Guru, apa wahyu purbakayun wis diparingake marang wong
kang samesthine nampa. Bathara Guru jujur menawa wahyu kuwi malah diwenehake
putrane dhewe, yaiku Dewa Srani. Semar duka lan ngesotake
Bathara Guru dadi buta. Bathara Guru banjur dadi buta Kala, banjur nyuwun
panagapura marang Semar lan janji bakal ngupaya supaya wahyu kuwi ilang saka
putrane. Ing wayah liya, petruk lapur marang Kresna lan Werkudara babagan
kalahe Janaka. Werkudara nuli marani Dewa Srani lan ngajak perang. Dewa Srani
kalah banjur matur karo ibune. Sawise kuwi banjur perang maneh lan njemparing Werkudara nanging
ora kasil.Sawise kuwi Bathara Guru kang malih dadi buta banjur nemoni Dewa
Srani lan ngupaya supaya Dewa Srani gelem nuduhake wahyu kuwi. Wahyu kasil
dituduhake Dewa Srani lan dumadakan wahyu kuwi ilang saka Dewa Srani. Bathara
Guru malih maneh ing wujud asline. Bathara Guru nuli matur menawa wahyu
purbakayun sejatine dudu kanggo Dewa Srani. Sawise kuwi Dewi Durga (ibune Dewa
Srani) ora trima banjur arep males.
Ing wayah liya, Semar,
Kresna, Janaka, Werkudara, lan para punakawan padha kumpul. Bathara Guru rawuh
kanthi nggawa wahyu Purbakayun. Wahyu kuwi banjur diwenehake marang Semar.
Semar ngendika menawa wahyu kuwi bakal nggoleki dhewe wong kang samesthine
nampa. Semar banjur mabur lan mbuwang wahyu kuwi. Wusanane wahyu purbakayun
mara lan nglebur dadi siji ing ragane Janaka. Dumadakan Dewi Durga teka,
nanging kanepsone Durga bisa diluluhake dening Semar. Sawise Semar paring
wejangan, Durga bali, nuli paring wejangan kanggo Dewa Srani supaya bisa nampa
kahanan kaya mangkono. Ing papan liya Semar paring wejangan marang Werkudara
supaya Janaka bisa nggunakake wahyu purbakayun kanggo tujuwan kang bener.
Janaka kudu bisa ngati-ati ing tumindak lan bisa gawe tuladha kanggo liyan.
Tancep kayon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar