Halaman

Senin, 06 Januari 2014

NGENDRAPRASTHA




Jejer Ngastina
Prabu Duryudana lag nandang sungkawa amarga para Kurawa nedya ngrusak Pandhawa. Panyuwune Kurupati, Pandhawa ditimbali ing Ngastina lan dipapanake ing sawijining kutha. Panyuwune Kurupati disarujuki dening Durna lan Krepa. Sang Nata nurut lan nyarujuki Pandhawa digawekake panggonan kang prayoga yaiku ing ara-ara Kandhawa. Pandhawa diundang lan mung Permadi kang ora katut amarga isih ana ing Dwarawati.
Ing paseban jawi, Kurupati, Sengkuni lan para Kurawa rembugan supaya nggawe barisan pendhem, supaya Pandhawa ora bisa lunga saka papan iku.
Ing nagara Cedhi,  nalika mireng Prabu Jarasandha arep nglurug Dwarawati, Prabu Sisupala marentah marang wadya bala supaya nyusul ing tanah Jawa saperlu mbiyantu Jarasandha.
Ing Dwarawati, Permadi matur menawa nembe karawuhan Resi Abiyasa. Resi Abyasa paring dhawuh menawa Pandhawa kena apus Kurawa. Pandhawa sengsara lan manggon ing papan panggonan penyakit. Resi Anoman uga dicritani dening arya Sena bab kahanane Pandhawa. Arya Sena ngamuk nanging bisa dituturi dening Anoman.
Ing ara-ara Kandhawa, Pandhawa, Widura, lan resi nyuwun pamanggih saka Semar. Sanalika Sang Hyang Ismaya mudhun lan paring wejangan supaya Pandhawa tetep kuwat ngadhepi pacoban. Sang Hyang Ismaya banjur nyipta pura kancana kang diparingi jeneng Ngedraprastha lan diparingake marang Pandhawa. Sakondure Sang Hyang Ismaya, Kresna rawuh lan muji syukur dene kahanan wis bali apik. Raden Pinten Tangsen banjur diutus menyang Ngastina.
Dwarawati nalika ditinggal Kresna ditekani mungsuh yaiku Jarasandha saka Manggada.nwusana dadi perang, lan wadya bala Dwaawati kalah. Dwarawati bisa dibedhah lan isen-isen nagara diboyong menyang Manggada.
Raden Pinten Tangsen matur marang Drestharastra  lan para punggawa, ngaturi rawuh ana ing Ngendrapraastha. Drestharastra budhal menyang Ngendraprastha.
Ing Nagara Manggada, Jarasandha cuwa amarga ora kasil ketemu karo Kresna. Dumadakan ana Brahmana telu kang rawuh. Kresna kang rawuh melehake Jarasandha. Wusana dadi perang, lan Jarasandha mati dening Arya Sena. Raden Jayatsena banjur nggenteni kalenggahaning sang rama, banjur ngetokake Ratu kang dikunjara. Kresna sabala bali. Prabu Sisupala kang mireng matine Jarasandha nuli ngamuk banjur arep nglurug Ngendraprastha.
Ing Ngendraprastha,Pandhawa, Baladewa, Drestharastra padha kumpul. Kresna lan para ratu liyane uga ana. Dumadakan ing jaba ana mungsuh teka yaiku Sisupala kang ngamuk. Mungsuh banjur ditandangi banjur perang. Wusana Sisupala ketaman cakra, bala Sisupala kalah. Pungkasane carita, kabeh kang ana ing Ngedraprastha ada rena penggalihe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar