Halaman

Minggu, 05 Januari 2014

PANDHAWA MATIRTA




Jejer Ngastina
Duryudana, Bisma, Durna, Basukarna, Sengkuni padha ngrembug babagan paukumaning Pandhawa kang mung kurang setaun. Kurupati diutus menyang alas Kamyaka saperlu niliki. Kurupati sawadya bala budhal.
Ing puncak gunung Himawat, Prabu Maniman lan Manimo isih tapa brata, kepengin nguwasani jagad telu, Indra Loka, Guru Loka, lan Jana Loka. Amarga tapane wis suwi, Sang Hyang Kuwera tumurun lan dhawuh marang salorone supaya nganakake kurban sirah Gandarwa cacah satus. Salorone banjur nindakake dhawuhe dewa. Maniman Manimo menyang alas Parasara, nemoni Jim Anggara Parna saperlu njaluk sirah Gandarwa cacah satus. Jim Anggara Parna ora nyarujuki lan dadi perang. Para Gandarwa kalah. Jim Anggara Parna banjur nggoleki Pandhawa saperlu njaluk pambiyantu.
Janaka nampa wejangan saka Sang Hyang Indra ing kahyangan. Nalika iku Bathari Uruasi kasmaran marang Janaka, bajur nyuwun palilah dewa supaya nututi lakune Janaka. Bathari Uruasi banjur menyang ngarcapada lan matur menawa dheweke kesengsem marang Janaka. Nanging Janaka nampik katresnane. Wusanane Janaka disotake dadi wandu. Janaka banget sungkawane banjur Sang Hyang Indra rawuh lan paring dhawuh menawa ukuman iku mung kanggo njangkepi ukuman kang 13 taun. Janaka lega atine. Lan dheweke diparingi jeneng Kedhiwrehatnala.
           Ing tengahe alas Kamyaka, Drupadi nyuwun digolekake kembang Tanjung Sugandika. 
Puntadewa dhawuh supaya Werkudara nggolekake kembang iku. Ing dalan Werkudara ketemu Anoman lan diparingi ngerti dununge kembang iku. Werkudara banjur menyang Tlaga Nirmala lan nyuwun  kembang Tunjung, nanging ora oleh dening sing njaga, yaiku Kalantaka lan Kalanjaya. Wusana dadi perang. Sang Hyang Kuwera rawuh lan misah anggone padha perang. Kembang Tunjung wusana diparingake marang Werkudara. Kembang iku banjur diparingake marang Drupadi. Sejatine kembang iku mujudake katentreman. Dumadakan Jim AnggaraParnateka saperlu nyuwun pambiyantu saka Pandhawa supaya nyirnakake Maniman lan Manimo. Maniman lan Manimo teka lan dadi perang. Wusana Maniman lan Manimo kalah nuli sirna lan kabeh padha muji syukur marang Gusti.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar