Ramayana ing basa basa
Sansekreta: Ramayana utawa
lelakuné sang Rama, iku salah siji wiracarita saka tanah IndiaMahabharata. Wiracarita Ramayana nyaritakaké Dèwi Sinta, garwa Sri Rama kang kadusta déning Rahwana. Kitab
iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya yèn kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis
déning Walmiki, kira-kira ing taun 300 sadurungé Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akèh banget
variasiné kang ana ing India dhéwé lan ing
negara liyane. Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin
Ramayana (awujud Tembang
Gedhé). Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa
Tengah, kurang luwihé taun 870 (abad kaping 9 M, pungkasan). Kakawin iku
diarani adikakawin marga kaanggep kang kapisan, dawa dhéwé,
lan basane apik ing jaman Hindhu-Jawi. Ing sastra
Jawi Anyar, kakawin Ramayana
digubah manèh déning Yasadipura dadi Serat Rama Kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi owah-owahan ing sawetara panggonan.
Crita Ramayana uga katatah ing Candhi
Prambanan. Ing candhi iki, uga
kagelar sendratari Ramayana (Ramayana Ballet) ing platarané. Saliyané
kuwi, ing tanah Melayu, crita iki dadi kitab Hikayat Sri Rama, ing ThailandRamakien. Sawetara ahli uga nemokaké yèn Ramayana sumebar uga
ing suku Indian, Amérika. Ana uga kang ditemokaké ing Siberia. Sing paling béda yaiku ing Sri Lanka. Ing tlatah iki
Rahwana (Ravana) dadi wong kang becik
lan Rama dadi wong kang ngrusak Lanka (Alengka = Sri
Lanka). Ravana iku kecathet salah sijiné raja kang naté nyekel kuwasa ing
tlatah Sri Lanka. Kejaba vèrsi Sri Lanka, umumé Ramayana nyritakaké lelakoné
Sri Rama kang ngrebut manèh Sita (Sinta). Rahwana nyulik Sita supaya gelem dadi
bojoné. Rama banjur ditulungi déning para wanara (Anoman, Sugriwa, lsp.)
lan kasil ngrebut Sita. Ing India versi basa Sansekerta, Ramayana kapérang dadi pitungkitabSaptakanda, yaiku: Balakanda, Ayodhyakanda, Aranyakanda,Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda.
Nama
Kitab
|
Katrangan
|
Kitab
Balakanda iku pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakaké
PrabuDasarataKosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku: Rama, Bharata, Lakshmana lanSatrughna. Kitab Balakanda uga nyritakaké Sang Rama kang
kasil menangaké sayembara lan nggarwa Sita, puteri Prabu Janaka. kang duwé garwa 3, yaiku:
|
|
Kitab
Ayodhyakanda nyritakaké lelakoné Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan
Dewi Sita lanLakshmana marga panjalukké Dewi Kekayi. Sawisé iku, Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur
seda. Bharata ora
gelem dijumenengaké dadi Raja, dhèwèké banjur nyusul Rama. Rama nampik yèn
kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih Sang Rama.
|
|
Kitab
Kiskindhakanda nyaritakaké Sang Rama kang ketemu Raja wanara, Sugriwa. Sang Rama mbiyantu Sugriwa ngrebut kraton lan
garwané saka Subali,
kangmasé. Ing perang iku, Subali tiwas. Sugriwa dadi Raja ing Kiskindha. Sang Rama lan Sugriwa nyawiji kanggo nglawan Krajan
Alengka.
|
|
Kitab
Yuddhakanda nyritakaké perang antaraning prajurit kethèk Sang Rama klawan prajuritraseksaRawana. Crita diwiwiti saka prajurit Sang Rama kang kasil
nyebrang samudra tekan ing Alengka. Sawetara iku, Wibisana ditundhung Rawana marga kakèhan ngandhani
Rahwana. Ing peperangan iku, Rawana gugur kena panah sekti Sang Rama. Sang
Rama banjur bali ing Ayodhya bareng
Dewi Sita. Sang
|
|
Kitab
Uttarakanda nyritakaké lelakoné Dewi Sita kang diukum buwang marga Sang Rama krungu pandakwané rakyat kang cubriya marang
kesuciané Dewi Sita. Dewi Sita banjur manggon ing pertapan Rsi Walmiki lan nglairaké Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa banjur teka sowan ing istana Sang
Rama nalika upacara Aswamedha. Ing wektu kuwi banjur padha nembangaké Ramayana
kang digubah déning Rsi Walmiki.
|
Ringkesaning
Crita Ramayana
Prabu Dasarata, ratu Ayodya duwe garwa prameswari aran
Dewi Kosalya (Sukasalya) lan garwa selir aran Dewi Kekayi uga Dewi Sumitra.
Saka Dewi Kosalya peputra Sri Rama, saka Dewi Kaikeyi (Kekayi) peputra Bharata, lan saka Dewi Sumitra peputra kembar aranLakshmana (Lesmana) lan Satrughna. Sawijining dina, ana resi kang jejuluk RsiWiswamitra njaluk tulung marang Sri Paduka Dasarata supaya
mbébasake pertapane saka para raseksa. Rama lan Lakshmana banjur budhal. Ing pertapan iku,
Rama lan Laksmana kasil mateni kabeh raseksa. Sawise kasil merjaya mungsuhe,
kekarone banjur tumuju negara Mithila (Manthili) saperlu melu sayembara menthang gandéwa. Sok sapa kang menang bakal
dadi sisihane putri raja Janaka, ya Dèwi Sinta. Kabeh pasarta wus siaga lan
siji mbaka siji nuduhake kadigdayane menthang langkap gandéwa. Ora ana kang
kasil menthangake gandéwa mau kajaba amung Sri Rama. Sawise Rama
kadhaupake, Sinta banjur kaboyong bali menyang Ayodya didherekake Laksmana.
Ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka
pembarep gantining Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih
janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, Kekayi duwe panyuwunan yen peputra
lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Kanthi abot, Dasarata ngabulake
panyuwune Kekayi awit biyèn pancèn naté janji mangkono. Saka pokal culikane
Kekayi, Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman (dibuwang) ing alas
Dhandhaka 13 taun suwéné. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngumbara nilar
kedhaton. Marga nggrantes, ora suwe prabu Dasarata banjur séda. Barata rumangsa
ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, nyuwun supaya Rama
kersa kondur lan jumeneng nata Ayodya. Ananging Rama nampik amarga jejering
satriya ora bakal cidra ing janji sumadya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama
supaya jumeneng nata sawetara, minangka sulihe Raden Rama. Rama banjur
medhar piwulang Asthabrata (astha = wolu, brata = laku) pinangka garan
jejering ratu kudu ngugemi lakuning/watak utama kang cacahe ana wolu. Rama uga
paring simbolis awujud trompah (basa
Sansekreta: p?duka)
marang Barata pinangka tandha bukti yen dhèwèké iku mung saderma wakil. Barata
banjur jumeneng nata kanthi nganggo tlumpahe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha (Sarpakenaka)
kasengsem marang Laksmana. Kanggo ngrayu Lakshmana, Surpanakha banjur mémba
dadi wanodya ayu. Ananging Lakshmana ora mempan kagodha, malah irunge
Surpanakha kairis. Surpanakha nepsu banjur pradul marang kangmasé (sang
Rahwana/Dasamuka) lan mbujuk supaya nyulik garwané Rama kang ayu rupa. Dhasar
Rahwana karem marang wanodya ayu, mula sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala
Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur mémba dadi kidang emas kang éndah.
Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya mbebedhag kidang emas iku. Rama budhal
dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa
kacekel. Wusanané, Sri Rama anyel banjur nglepasaké panah. Si kidang emas
njerit kelaran lan mati, owah malih raseksa. Krungu panjeriting wong kang kelaran,
Sinta banjur ngutus Lakshmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem budhal
amarga kajibah njaga Sinta. Sawisé ditudhuh yen Lakshmana arep ngarah dhèwèké,
Lakshmana banjur budhal nggolèki Rama lan ngrajah Sinta supaya adoh saka godha
rencana. Sawisé Sinta dhèwèkan, Rahwana banjur teka. Kanthi mémba dadi resi
kang njejaluk jampi, Rahwana kasil nyulik Sinta.
Jeriting Sinta keprungu déning peksi sang Jatayu kang naté dadi réncange prabu Dasarata. Kanthi
niat becik, Jatayu nulungi Sinta. Amarga Rahwana luwih sekti, Jatayu kalah.
Jatayu kang sekarat isih bisa atur warta marang Rama lan Laksmana, yen Sinta
kagawa menyang Alengka, kedhatoné sang Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nglari
ilangé Dèwi Sinta. dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing sajroning alas, Rama
kapanggih ratu Kiskindha awujud wanara, ya Sugriwa kang sambat njaluk
pitulungan marga rumangsa bojoné (Dèwi Tara) direbut déning seduluré (Subali).
Rama saguh mbiyantu, jer mengko uga gelem sabiyantu perang lawan Rahwana. Embuh
kang bener kang endi, nanging jejering satriya, Rama ora kena cidra ing janji.
Rama kasil merjaya Subali. Sugriwa banjur sumadya nulungi sang Rama kanthi prajurit
wanara lan pitulungané patih Anoman (Hanuman). Anoman kautus Rama pinangka
dhutané Sri Rama budhal menyang Alengka ngaturaké warta lan kalpika marang
Sinta.
Ing kaputrèn Alengka, Sinta dilipur déning Trijatha.
Kanthi meneng-meneng, Anoman kasil mlebu ing Alengka lan kapanggih Dèwi Sinta.
Dumadakan konangan Indrajit (putrané ahwana). Anoman kecekel Rahwana, banjur
diobong. Dhasar wanara sekti, Anoman banjur ngobrak-abrik lan ngobong Alengka.
Anoman bali lan ngaturaké warta marang Rama. Kanthi prajurit lan kasektèné,
Rama kasil nambak samudra (bendungan Situbanda) kanggo dalan ngrubuhaké
Alengka. Ing wektu iku, seduluré Rahwana aran Kumbakarna lan Gunawan Wibisana
kadhawuhan mbiyantu mbéla Rahwana. Kumbakarna ora sarujuk marang Rahwana. Marga
wanita, Rahwana ngorbanaké negara memungsuhan lawan Rama. Kumbakarna trima
lunga tapa, déné Wibisana lunga saka Alengka gabung melu Rama. Perang gedhé
dumadi, prajurit raseksa lawan wanara. Indrajit pinangka senopatining perang
kaperjaya déning Lakshmana. Kumbakarna dipeksa mbadharaké tapané supaya
mbiyantu Rahwana. Kumbakarna saguh, dudu mbéla Rahwana, nanging negara wutah
getihé. Rama nglepasaké panah Guwawijaya, Kumbakarna tiwas katugel-tugel dening
panah sekti. Rahwana maju ngadhepi mungsuh. Rama bisa ngalahaké Rahwana. Nalika
Rahwana kena panah Guwawijaya, Rahwana banjur dibruki gunung dèning Anoman.
Alengka bedhah lan Wibisana kajumenengaké dadi ratu ing Alengka. Sinta dijak
kondur lan urip bebarengan klawan Rama. Nanging, ing lakon Sinta Obong, Sinta
kauji kasuciané déning Rama sadurungé nunggal marang Rama.
Sumber: (sastrajawa.com)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar