Ing
Gunung Kutharunggu ana pandhita kang gentur tapa, peparabe Begawan Kesawasidhi.
Nuju sawijining lenggah ing padhepokan nampa pisowane para siswa , ing antarane
yaiku Anoman. Anoman nyuwun katrangan marang Sang Begawan babagan lelakoning
urip kang dirasakake.w
“Dhuh Sang
Pandhita ingkang tuhu pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur luhur, punapa
sebabipun dene Gusti kula Prabu Ramawjaya, Raden Leksmana Widagda, Paman
Sugriwa, lan para kadang wanara sampun sawetawis wekdal wangsul dhateng alam
kelanggengan dene kula taksih gesang kemawon. Kula sampun rumaos waleh gesang,
pramila nyuwun paduka tedahaken pundi marginipun pejah kula!”
“anoman,
menepna tyasira lan weningna pikirira. Pati lan uriping titah mono karegem ing
panguwaosing Gusti Kang Maha Kuwaos. Titah mung sadrema nglakoni. Dene sira
isih ginanjar urip sebab isih ana kuwajiban sing durung paripurna mungguhing
sira,” mangkono pangandikane Begawan Kesawasidhi kanthi sareh.
“O, makaten
Sang Begawan. Inggih....inggih, sinausa namung saklimah dhawuh pangandika
paduka pangrasos kula kados dene lumampah ing wanci panglong kedadak kepapak
obor sewu, saksana padhang semrawang manah kula,”ature Anoman rumangsa antuk
pepadhang.
Sawise paring
piwulang marang para siswa Begawan Kesawasidhi banjur dhawu supaya para siswa
tansah ngreksa katentremaning pertapan.
Para Kurawa
kang dipandhegani dening Adipati Karna lan Patih Sengkuni gawe kisruh ing
pertapan. Patih Sengkuni seneng laku goroh, sedyane pengen ketemu Sang Begawan
kepengin njaluk wahyu Makutharama. Kurawa diendhakake ora gelem malah nantang
perang para siswa Kutharunggu. Anoman minangka tetungguling siswa Kutharunggu
nandangi kridhane para Kurawa. Durung nganti ana kang tumekeng tiwas, para
Kurawa wis bubar mawut kesapu Angin Garudha ajining Anoman.
Sirep
gara-gara ing Kutharunggu. Begawan Kesawasidhi nampa pisowane Raden Arjuna kang
kadherekake punakawan catur. Sedyaen kepengin suwita marang Sang Begawan. Sang
Begawan uninga menawa Raden Arjuna satriya trahing kusuma rembesing madu tur
gentur tapane lan mantheng panembahe. Pasuwitane Raden Arjuna tinampa kanthi
sarjuning penggalih dening Sang Begawan. Sawise tinampa nggone suwita, Raden
Arjuna nyuwun kaparingan Wahyu Makutharama. Sang Begawan nuli maringake Wahyu
Makutharama marang Raden Arjuna.
Wahyu
Makutharama iku kanugrahan arupa wedharan piwulang luhur agemaning Prabu
Ramawijaya nalika ngasta negara Pancawati. Wujude piwulang Hastha Brata utawa
laku cacah wolu. Uga diarani watak utawa hambeg wolung prakara. Jejering raja
ngasta panguwasa kudu kagungan laku utawa hambeging tirta, kisma, dahana,
samirana, aldaka, samodra, candra, lan surya.
Sepisan
wataking tirta, werdine tansah bisa andhap asor ora ngremehake liyan. Kapindho
wataking kisma, tegese tansah murah asih mring sasama. Katelu wataking dahana,
werdine tansah bisa mrantasi prakara. Kapat wataking samirana, tegese tansah
nliti adhengan sasana. Kalima wataking aldaka tegese tansah teguh santosa.
Kanem wataking samodra, tegese tansah sabar ing penggalih. Kapitu wataking candra,
werdine tansah aweh pepadhang jroning swasana peteng. Kawolu wataking surya,
tegese tansah aweh daya kekuwatan lan suka tetulungmarang kawula.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar