Halaman

Selasa, 07 Januari 2014

SONG-SONG TUNGGUL NAGA




Jejer Ngamarta
Puntadewa ngrembug babagan kelanggengan sekar Dewandaru ing Ngamarta. Kresna rawuh lan paring uninga menawa sedhela maneh sekar iku bakal oncat saka Dwarawati. Utusan saka Pancawati, Raden Jaya Anggada rawuh saperlu nyilih Song- Song Tunggul Naga kanggo ngadhepi pageblug ing Pancawati. Puntadewa banjur maringake kanthi piweling Jaya Anggada kudu bali lewat kori buri. Ngerti tumindake Puntadewa, Kresna duka lan mutung banjur bali menyang Dwarawati. Werkudara ngamuk nanging bisa dipisah dening Bambang Wisanggeni. Werkudara bisa luluh atine. Wisanggeni banjur menyang Dwarawati lan ngarih-arih Kresna. Sang Hyang Wisnu tumurun lan paring ngendika menawa sejatine Kresna entuk piwulang saka Puntadewa. Kresna nglenggana yen dheweke salah, banjur gelem ngrewangi Pandhawa. Bambang Wisanggeni banjur rembugan karo Pandhawa supaya bisa nyekel Jaya Anggada. Dumadakan Jaya Anggada liwat lan wusana dadi perang. Pandhawa kalah.
Wisanggeni banjur duwe akal ngapusi Jaya Anggada. Wisanggeni nyuwun supaya Song- Song Tunggul Naga diwadhahi kandhaga. Nanging sejatine  Song- Song Tunggul Naga wis dijupuk lan sing ana ing kandhaga iku Raden Gathotkaca.
Ing tengahing alas, Janaka kang didherekake punakawan ketemu karo naga. Janaka kasaut nanging naga iku bisa dijojoh pusaka Pulanggeni lan badhar sejatine yaiku Sang Hyang Wisnu. Janaka banjur diparingi dhawuh menawa Sang Hyang Wisnu arep nitis ing Kresna.
Ing Pancawati, Jaya Anggada teka kanthi nggawa kandhaga nanging wis dibatang Gunawan menawa iku dudu  Song- Song Tunggul Naga kang asli.  Kandhaga dibukak lan isine Wisaggeni. Wisanggeni banjur dikroyok nanging direwangi Gathotkaca. Gathotkaca nandangi wadya bala Pancawati lan Wisanggeni njupuk sekar Dewandaru. Wusana kembang Dewandaru bisa didhusta dening Wisanggeni lan digawa menyang Indraprastha. Prabu Ramawijaya budhal nglurug Ngamarta.
Ing Ngamarta Kresna lan Janaka wis siyaga mapag wadya bala Pancawati. Wusana dadi perang. Perang iku ndadekake gara-gara ing kahyang Jonggringsalaka. Resi Narada tumurun lan paring uninga menawa Kresna kudu tinitisan Sang Hyang Wisnu lan Lesmana kudu nitis ing Janaka. Prabu Rama lan Lesmana nuli sarujuk ing penggalih, banjur kondur ing nagara Pancawati.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar