Halaman

Selasa, 07 Januari 2014

SARDULA BUDHA KRESNA




Jejer Ngastina
Ing Ngastina, Kurupati ngrembug babagan Dursasana kang lara wuyung marang Endhang Trirasa. Kurupati banjur dhawuh marang Basukarna supaya nglamarake Endhang. Basukarna budhal kadherekake wadya bala Kurawa.
Ing nagar Simbar Manyura, prabu Sura Brama Diraja uga kataman asmara marang Endang, banjur nimbali Patih Dhendhabahu supaya nglamar Endhang. Ing tengah dalan kepapag wadya bala Ngastina banjur padha simpangan dalan.
Ing pertapan Candhi Atar Sang Begawan Bratasudarsana paring pitakon marang Sardula Budha Kresna. Sardula Budha Kresna matur menawa arep nganakake sayembara perang amarga  akeh kang kepengin nglamar Endhang Trirasa. Endhang bisa kaboyong yen bisa ngasorake Sardula Budha. Basukarna teka lan nyoba, nanging kalah. Semono uga Prabu Bramadiraja.
Ing tengah alas Arjuna nggoleki Kresna kang murca saka nagara. Arjuna kepapag raseksa saka Simbar Manyura, nanging bisa dikalahake dening Aruna.
Ing Candhi Atar Begawan Bratasudarsana namap panglamare Raden Setyaki. Setyaki nyoba perang lawan Sardula Budha, nanging kalah. Arjuna kang weruh banjur mbiyantu Setyaki kanthi njemparing Sardula. Sardula sirna lan badhar sejatine wujud Kresna. Pungkasane carita, Endhang Trirasa kaboyong menyang Dwarawati lan didhaupake karo Raden Setyaki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar