Halaman

Rabu, 08 Januari 2014

Tuladha Medhar Sabda




1.      ATUR PASRAH PENGANTEN KAKUNG
Assalamualaikum wr.wb.
Nuwun. Puji pangastuti ing ngarsaning Gusti ingkang sampn paring kanugrahan satemah Penganten kakung sapangombyong saged sowan mriki kanthi kebak ing karaharjan.
Nuwun, Bp..... minangka sulih saliranipun Bp/Ibu .... , kula pun.... minangka sulih saliranipun Bp/Ibu .... ngaturaken kawilujengan saha salam taklim mugi katur panjenenganipun Bp/Ibu... sarimbit. Anetepi rantamaning adicara ingkang sampun gumathok, sowan kula sarombongan ing mriki kautus Bp/Ibu ... saprlu nyowanaken ingkang putra calon penganten kakung inggih Bagus .... ingkang hamengku panuwun saged kapareng hanampi sanguning gesang bebrayan saking panjenenganipun Bp.... ingkang pawujud piwulang Catur Wedha, ingkang sampun kasusra.
Nuwun inggih, kawula ugi ngaturaken srah-srahan minangka tandha sih katresnan, satuhu amung sageda hangraketaken anggenipun sami badhe bebesanan. Pramila ingkang menika, kepareng Bp .... sekaliyan kersa nampi kanthi tulusing wardaya gembiraning manah.
Wasana, temtunipun anggen kula sakadang marak sowan ngriki wonten trapsila atur punapa gonyak ganyuk nglelingsemi ingkang andadosaken kirang renaning penggalih panjenengan sakulawarga, kawula nyuwun gunging sih samodra pangaksami.
Nuwun. Wassalamualaikum wr.wb.


2.      PASRAH PENGANTEN KAKUNG
Assalamualaikum wr. wb
Kawula nuwun. Saderengipun kula ngaturaken kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih, mugi kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sedaya. Kairing sagunging pakurmatan, Ibu saha Bapak...tuwin para putra putri, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh ingkang minulya.
Bapak ... ingkang kinurmatan. Wekdal menika kula kadhawuhan dening kadang kula Bapak..... Sepisan, kula ngaturaken salam taklimipun Bapak.... kanthi pepuji mugi-mugi Bapak.....sakulawarga tansah pinaringan sih nugrahaning Pangeran, satemah ambabar wilujeng rawuh dhumateng para rawuh ing sedayanipun, kalis ing rubeda lampahipun.
Kaping kalih, jeneng kula kinanthen rowang sawetawis kadhawuhan nyowanaken calon penganten kakung pun Bagus.... putra kakungipun Bapak ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Nimas Ayu.... putri Bapak... ingkang minulya ing gati, kinurmatan brayatipun.
Ing titi wanci menika, kawula ugi ngaturaken srah-srahan minangka tandha sih katresnan, satuhu amung sageda hangraketaken anggenipun sami badhe bebesanan. Pramila ingkang menika, kepareng Bp .... sekaliyan kersa nampi kanthi tulusing wardaya gembiraning manah.
Wasana, temtunipun anggen kula sakadang marak sowan ngriki wonten trapsila atur punapa gonyak ganyuk nglelingsemi ingkang andadosaken kirang renaning penggalih panjenengan sakulawarga, kawula nyuwun gunging sih samodra pangaksami.
Wassalamualaikum wr.wb.


3.      ATUR PANAMPI
Assalamualaikum wr.wb.
Linambaran manungku puja wonten sahandhap pepadaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih, mugi sedaya pinaringan rahayu widada kang samya pinangggih. Amin.
Nuwun, Bp.... minangka sulih saliranipun Bp/Ibu...., kula pun....minangka sulih saliranipun Bp/Ibu.... kepareng matur :
Sepisan, ngaturaken pambagya wilujeng rawuh dhumateng panjenengan sapangombyong. Kaping kalih paringipun salam taklim saking panjenenganipun Bp/ibu....sampun kula tampi lan kula aturaken wonten ngarsanipun Bp/Ibu.... kaping tiga, menggah pasrah panjenengan penganten kakung pun Bagus.....putra kakungipun Bp/Ibu.....sampun kula tampi, tumunten badhe kadhaupaken kaliyan nimas ayu......putri saking Bp/Ibu..... Kanthi menika kula nyuwun donga pangestu, mugi-mugi dhaupin sri penganten lancar gancar kalis ing sambekala, boten wonten pambeng setunggal menapa.
Salajengipun, paring panjenengan uba rampe sarat sarana kula tampi, mugi saged ndadosna bebesanan ing antawisipun kulawarga kekalih.
Wasana,temtu kathah kekirangan anggenipun kula nampi panjenengan sapangombyong. Pramila kula nyuwun gunging pangaksami.
Nuwun. Wassalamualaikum wr.wb.


4.      ATUR PAMBAGYAHARJA ING PAWIWAHAN
Assalamualaikum wr.wb.
Kawula nuwun. Awit lumintuning pudyastawa saking Gusti Allah ambabar daya pangaribawa ingkang tumanduk dhumateng kawula dasih. Kacihna ing salebeting ri kalenggahan menika kula lan panjenengan pinarengan jempal manunggal kanthi karaharjan . paripeksa anggempil kamardikan panjenengan sami nigas wacana munggel pangandikan,mugi kallan kula minangka suli saliranipun Bp.... sakulawarga ingkang hamengku karsa pawiwahan ing dinten menika.
Para rawuh sedaya,  Bp saha Ibu.... ngaturaken pambagyaharja katur sanggyaning para rawuh ingkang sampun rawuh kanthi nglonggaraken penggalih lan wekdal saperlu paring donga pangestu dhumaten penganten kekalih, mliginipun sumrambah dhateng keluwarga.....umumipun. bapak/Ibu.... namung saged ndedonga mugi Ingkang Maha Agung tansah angluberna rahmat lan berkah ingkang kalangkung.
Nuhoni rantamaning titi laksana adicara ingkang sampun karumpaka gumathok wonten ing kitir sadana anenggih kitir sedhahan, bilih wonten ari ingkang piniji, saat ingkang pinilih. Wonten kalenggahan punika. Dhaupipun sri atmaja risang temanten kekalih, nimas ayu.... putri Bapak ....saha bagus.... putra bapak...nir ing sambekala. Awit saking berkah sihinh Gusti ingkang Maha Agung, sedaya lumampah kanthi kebak ing barokah. Amargi sinengkuyung dening para panitra ingkang mbiyantu karya, satemah adicara lumampah kanthi rancag. Inggih amargi rawuhipun sanggyaning para rawuh, rumaos bombong,biruwa ing penggalih. Kadikelem karokan manis sinandhing kastuba manik. Pramila saking rawuhipun panjenengan sedaya, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, boten saged cinitra ing ukara, sinerat ing sastra.
Sedaya kekiranganipun, sah cecet cewetipun ingkang awujud palenggahan ingkang boten satraju kaliyan kalenggahan panjenengan, pasugatan ingkang boten misra saha boten ngamiraos, mugi kersa panjenengan ngluberaken smodranig sih pangkasama. Wonten pepuntoning atur kula, amung cumedhong pandonga pangestu mugi murakabana kaluwarga, mliginipun risang penganten kekalih.
Pungkasaning atur, kula ingkang ngandhar-andhar angendhukur, nerak ing subasita, miwah nyebal ing paramasastra, mugi panjenengan paring gunging pangaksama.
Nuwun. Wassalamualaikum wr.wb.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar