Bentenipun upacara adat gagrak Yogja dan Solo :
No
|
Gagrak Yogya
|
Gagrak Solo
|
Keterangan
|
|
1
|
Nontoni
|
Nontoni
|
Woten, sampun boten mlapah
|
|
2
|
Lamaran
|
Lamaran
|
Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
|
|
3
|
Asok tukon
|
Asok tukon
|
Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
|
|
4
|
Srah-srahan, Nyantri
|
Srah-srahan
|
Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten
saderengipun ijab
|
|
5
|
Tarub
|
Tarub
|
Woten, sipatipun mana suka, awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun
tempuking damel utawi lijab
|
|
5
|
Siraman
|
Siraman
|
Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan, mande dawet lan
potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
|
|
6
|
Midodareni
|
Midodareni
|
Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
|
|
7
|
Ijab
|
Ijab
|
Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari
|
|
Panggih
|
Panggih
|
Woten, sipatipun Resmi atat Jawi padatan tata upacaraipun
benten-benten
|
||
8
|
Resepsi
|
Resepsi
|
Woten, Siapatipun resmi, mana suka
|
Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados
antawisipun:
1.
Tata Adat upacara Siraman
2.
Tata adat upacara Panggih
3.
Tata adat Rias penganten
4.
Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi
ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng
wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
1.
Nontoni sampun boten mlampah, awit
lare sampun sami tetepangan
2.
Adicara Lamaran dados satunggal
kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni tukar
cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
3.
Adicara Srah-srahan kaliyan adicara
Asok Tukon
4.
Adicara Midodareni, sampun boten
wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi
kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang
islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing ngakathah
murih gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten
upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag
antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados
/jadi nggenipun nglamar. Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih kula srah-srahan calon
pengaten, mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng , tasih kathah ingkang
dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados
contonipun
1.
Nontoni;
2.
Lamaran
3.
Asok Tukon
4.
Srah-stahan
5.
Pasang Tarub
6.
Ugi Bab busana kagem tiyang
sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among
tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi
paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi
kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi, mligi satunggaling
kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang
dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados
sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga
utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten
dalemipun lare estri ingkang dados inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang
ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing
salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag
kadhawuhan ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau.
Liripun sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan
botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing adicara nontoni rantamanipun:
1.
Atur Pambuka saking kulawarga.
Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun
anggenipun sami rawuh.
2.
Atur pangandikan saking pihak tamu.
Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang
dados wigatos sowan.
3.
lajeng kacaosan unjukan lan
dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag
ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung
mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
4.
salajengipun kulawarga pihak kakung
sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
5.
panutup, atur pangandikan saking
kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
6.
Salajengipun wakil kulawarga kondur,
lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni
boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka
warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh
ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja
mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan : BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju,
lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh kinten kula sae
lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun
kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT
punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit
werdinipun :
1.
Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul
saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang
sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi
padudon.
2.
BEBET. Kinten kula tetimbangan
punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged
larasing anggenipun sami bebrayan. Mila pangajabipun murih saged
sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu
dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados
ciri-wancinipun, boten saged ewah.
3.
BOBOT, tumanduk saged saking
kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare.
Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji,
utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese
derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang
ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula
sumanggakaken para sutresna budaya badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun
ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal
sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku
kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
1.
Atur pambuka saking kulawarga
2.
Atur panglamar ( saged ngagem surat
, atur pangandikan).
3.
Caos tanda katresnan ( oleh-oleh,
maneka warni dhaharan saking ketan, werdinipun murit saged lengket /
kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
4.
Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau
kondur
5.
panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged
sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun
dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran. Lan wonten nalika Malam
Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
1.
Sanggan.
2.
Busana satunggal pengadeg kagem
calon manten putri
3.
tindhih ( arta kathah sekedhikipun
sumangga )
4.
Oleh-oleh, ujude dhadharan saking
ketan
5.
Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun
kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe
kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang
rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku
wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini
sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab
ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi
lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi
pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan
pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa
mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa murih papan wau saged
cekap(amot) lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang
utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani “saat”. Dene tetimbangan
wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados
pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga.
mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal
saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula.
Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu
damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel
kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta
pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet
medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni,
ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing
punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
1.
Pisang Raja Ayu
2.
Kelapa ganding
3.
Tebu wulung
4.
Pari lan cantle
5.
ron-ronan ; keluwih,ringin dan
kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup
“bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika
tratak umumipun dipun gantos tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun
kadamel mlengkung, werdinipun amayungi. Dene tembung “janur” ngendikanipun
mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘jan’ saking tembung
“jane” dene ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata,
utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang
tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur
kuning mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi
wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman
“bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika
saking pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari lan cantel,
ron kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya
wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih
tundhun” . kang werdinipun lambang pangajab ing tembe para putra kagungan
watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah
dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi
gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4. “Pari wulu” kalih unting’ utawi cantel (salah
satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged
gesang ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun
sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak
balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa.
Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung
pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”
7. Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun
saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana
sarta derajat dsb
8. Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging
kulawarga, sumrambah dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu
boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang
badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun
kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados
lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku.
Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub
BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
1.
NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
1.
LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing
pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang
tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan
karsa, boten sanes murih sageda sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun
daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak
Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing
adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking
kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi
saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo
saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya,
ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados
paugeran saking para empu ingkang sami pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:
1.
A. Upacara sangajenging tarub
2. Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub
kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang
werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun
palilah enggal kersa manggihaken putranipun putri. Yen sanggan
sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani
medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten
kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha
paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
3. Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri 3, kakung 4 ) yen sampun
sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku
pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
4. Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur
toya sritaman 3 X. Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken
Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi
suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
5. Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi
Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah /
kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe
manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih
kaboyong mlebet
B. Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong
Dene Urutaning lampah upacara :
1) Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya
manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas
kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging
tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2) Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel
3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar
sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng
sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3) Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun
papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun
putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha
asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning
adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun
adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka
tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta.
Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:
1.
Sanggan (pisang raja setangket,
ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
2.
Gantal. suruh kalinting isinipun;
gambir lan apu katangsuli tali lawe
3.
Ranupada ( lemek kagem mijiki suku )
lan siwur
4.
sekar setaman ( mlathi, kenanga lan
mawar )
5.
tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
1.
Kagem tampa kaya; inggih punika:
v arta receh, cacah jangkep, saking kang alit
dumugi ageng piyambak)
v biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget
tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras, jagung lan sanesipun.
v empon-empon: dlingo bengle
v sekar sritaman,
v Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh
ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan
sanesipun
v Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu
)
Gendhing ingkang dipun agem:
1.
Gendhing Bindri : kagem ngiringi
rawuhipun maten Kakung
2.
“Ladrang Penganten Pl Barang= kagem
upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
3.
“Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang,
utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun
iaturaken rikala Minggu kapengker, upacara panggih gagrak
Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi
bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat
kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening
paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung
1.
Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil
keluwarga)
2.
Sanggan
3.
Kembar Mayang sepasang
4.
Maten kakung lan 2 ; pengaring
Kakung
5.
Pangombyong (kulawarga, warga
sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri
1.
Cucuk lampah,
2. Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
3. Kembar Mayang sepasang
4. Maten putri lan 2; pengaring Putri
5. Tiyang Sepuh.
6. Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
1.
Manten kakung rawuh dipun purwakani
gending Kebo Giro ( monggang)
2. Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados
Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
3. Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga,
samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar
mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
4. Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
5. Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
6. Manten putri mijiki sukunipun.
7. Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten
kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh nggendhong
kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene
maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten
kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine
embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
B. Adicara kacar-kucur:
1) Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah,
lanjeng maten sami dipun pangku pupu kiwa tengen ramanipun. Tumuli
Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2) Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng
jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen
lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur
3) Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4) Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut
sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten
putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan
ngujuk sarengan.
5) Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani
ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken
garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6) Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng
rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng
dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7) Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen
sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
Wigatining rembag
1.
Yen sungkeman: prayogi keris boten
diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
2.
Adicara Panggih Manten gagrah Yogya
lan Solo betenipun. antawisipun:
1) ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang,
balang-balang suruh namung mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak tigan, nembe
wijikan. Mlebetipun penganten dipun kemuli sindur Ibunipun
2) Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang,
balang-balangan suruh kaping 3 lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.
3) Upacara kacar-kucur,:
1.
Yogya: boten wonten, timbangan
( trajon lan tandur ).
2.
Yogya, ingkang dhahar namung
manten putri. Yen Solo kembul dhahar
3. Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara
kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur
Makaten sawantawis gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila
kula aumanggakaken. Nuwun
Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:
1.
Gendhing Kebo Giro utawi Monggang
kagem Maten kakung rawuh
2. Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi
kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN
= putra dalem Kakung,
PANANTUNAN
= putra dalem PUTRI
Macul tumpeng
= Putrine luwih tuwa
medot lawe
= tasih misan
Ancik-ancik pipisan = sepupu ( sak
Eyang )
Nyecek mawa ( bugel) = yen kakunge wis tau krama
BAB UPACARA SANES SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH MANTEN
Upacara Maten
Upacara Maten, ingkang kedadosanipun sambung-sinambung kados ingkang
sampun nate kula aturaken antawisipun bab: Nontoni,
Lamaran, lan asok tukon, Siraman lan Nyantri sarta
Midodareni. Ijab, Upacara panggih
Kejawi punika ugi wonten upacara ingkang LANGKAHAN, kang dados tetimbangan
inggih punika:
1.
Yen Nglangkahi
: kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
2. Yen Putra bajeng : kasebat
Upacara bubak kawah ( dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub,
lan saderengipun upacara kacar-kucur )
3. Yen Putra Wuragil : kasebat Upacaara tumplak Punjen (
diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna_
Dene yen ngemuti jaman semanten, upacara panggih dipun bedakaken yen
kawontenanipun putra-putra penganten kados antawisipun:
Upacara panggih yen Prawan kaliyan Jaka ingkang mastani tigas kawuryan,
dene yen putra manten putri mbajeng dipurwakani Tiyang sepuh ngunjuk rujag
degan. Dipun wastani “BUBAK KAWAH”. Ingkang sampun nate kula aturaken.
Ingkang werdinipun Upacara punika mbok menawi punika mendhet saking
berkahipun Kyai Ageng Pemanahan nalika angsal gaibing Pangeran yen badhe
nurunaken dat ratu kang pinunjul, karana ngunjuk deganipun ki Giring,
Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh sami ngunjuk toya degan ugi putra
penganten, pamrihipun ing bejang putranipun saged gadhah turun ingkang luhur
utawi dados priyagung, ingkang gesangipun boten kekirang (ingkang umum sami
mestani ngunjuk rujak degan)
Upacara panggih Prawan asal jaka lan tasih naning tasih sederek piyambak,
dene manut silsilah kang estri langkung sepuh, upacaranipun ingkang kakung
saratipun inggih punika macul tumpeng kanthi mancik sak nginggiling
pipisan, tumuli kalajengaken nrajang lawe wenang.. lajeng nembe dipun adani
upacara panggih. Nanging yen kakungipun langkung sepuh, manten nrajang lawe
wenang, mboten ngangge macul tumpeng
Upacara Prawan kaliyan Dhudha kembang. Dene pangrakiting upacara inggi
punika ; saderengipun upacara panggih dipun acarani manten putri nyiram bugel (
tumper) ngagem toya wonten ngajeng tarub, dados saderengipun upacara panggih.
Werdinipun, manten putri arsa nampi lan adhe memper, nyirep punapa ingkang
sampun nate dipun lampahi dening manten kakung duk semanten, inggih klebet
kekajengan, kareman utawi watakipun
Upacara Randha kembang kaliyan Jaka, dene upacaranipun sami, namung ingkang
nyiram toya ingkang kakung
Cekaking rembag: Upacara panggih jatosipun
mengku werdi ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun
jaler lan estri, ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga
tepalih, kanthi paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami
ngepyakaken anggipun badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya
murik ing tembe brayat sami manggih rahayu nir ing sambe kala. Kanthi makaten
murih lancaripun upacara layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki
lahiripun tata upacara panggih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar