Adhedasar
jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku (1) aran, (2)
kriya, (3) sifat, (4) katrangan, (5) sesulih, (6) wilangan, (7) panggandheng,
(8) ancer-ancer, (9) panyilah, lan (10) panyeru.
1)
Tembung aran
Tembung aran utawa kata benda (nomina) yaiku tembung kang mratelakake jenenge
barang utawa apa wae kang kaanggep barang.
Tuladha:
manggis, watu, gunung, kucing, wedhus, sapi,
2)
Tembung kriya
Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung sing
mratelakake solah bawa utawa tandang gawe (verba tindakan). Tembung
kriya uga bisa ngemu teges lumakuning kaanan (verba proses). Tembung
kriya kang mratelakake tandang gawe upamane mbalang, nendhang, njiwit, lan
nyuwil. Wondene tembung kriya kang mratelakake lumakuning kahanan upamane
mecah, mbledhos, thukul, kempes, lan njeblug.
3)
Tembung sifat
Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) yaiku tembung kang
bisa mratelakake kaanan utawa watak sawijining barang utawa bab.
-
Tuladha tembung sifat kang mratelakake kaanan: mlarat, sugih, sengsara, mulya,
beja, lan cilaka.
-
Tuladha tembung sifat kang mratelakake watak: drengki, srei, jail, bombongan,
ugungan.
4)
Tembung katrangan
Tembung katrangan utawa kata keterangan (adverbial) yaiku tembung kang aweh
katrangan marang tembung liya. Tembung katrangan iki bisa nerangake tembung
aran, kriya, sifat (watak/kahanan), wilangan lan bisa uga nerangake tembung
katrangan
Tuladha:
arep, durung, arang, kerep, rada, isih, padha, tansah, paling, bisa, uga, mung,
lsp
5)
Tembung sesulih
Tembung sesulih utawa kata ganti (pronominal) yaiku tembung kang digunakake
minangka sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang.
Tuladha:
aku, kowe, dheweke, kowe kabeh, dak-, -ku, kok-, iki, iku, kuwi, kono,
ngene, apa, sapa, kapan, pira, sing, sawijining, lsp
Panganggone
tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
1.
Aku lunga menyang
Salatiga.
2. Wis dakpenging malah
tetep nekat.
3. Sega
kuwi wis mambu, aja dipangan lo.
4. Kapan panjenengan
rawuh, mas?
6)
Tembung wilangan
Tembung wilangan utawa kata bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakake
gunggunge utawa cacahe barang. Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung
gunggunge uwong, barang, kewan, lan sawijining bab.
Tuladha:
siji, loro, telu, sepuluh, satus, sayuta, seprapat, saprotelon, sejinah,
sapasar, setangkep, salirang, satundhun, lsp.
7)
Tembung panggandheng
Tembung panggandheng utawa kata sambung (konjungsi) yaiku tembung kang gunane
kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah dawa.
Tuladha:
sawise, sadurunge, wiwit, rikala, lan, yen, mula, saba, jalaran, lsp.
8)
Tembung ancer-ancer
Tembung ancer-ancer utawa kata depan (preposisi) yaiku tembung kang gunane
kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri tembung aran. Tembung
ancer-ancer iki tansah mapan ing ngarep (sisih kiwane tembung aran utawa
tembung sifat.
Tuladhaning
tembung ancer-ancer: ing, enyang, saka kanggo, marang, dening, wiwit, karo,
mawa, kaya, minangka, amrih, supaya, nganti, lsp.
Panganggone
tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
1.
Wong kuwi asli saka Blora dudu
saka Brebes.
2. Minggu
ngarep aku arep menyang Salatiga.
9)
Tembung panyilah
Tembung panyilah utawa kata sandang (artikula) yaiku tembung kang dienggo
nyilahake patrap, barang, utawa swijining bab. Tembung panyilah padatan
sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ing sisih
kiwaning tembung kang disilahi lan tembung iki gunggunge mung winates. Kang
kalebu tembung panyilah yaiku si, sang, sri, ingkang, kang, sing, lan para.
Panganggone
tembung-tembung kasebut ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
1.
Punapa ingkang rama
wonten dalem, mbak?
2. Para tamu
kula aturi jumeneng sawetawis.
10)
Tembung panyeru
Tembung panyeru utawa kata seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarake
wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, susah, lan gumun. Tembung iki tansah
ndhisiki ukara lan bisa madeg dhewe. Kang kalebu tembung panyeru yaiku adhuh,
ah, he, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, huh, hi, sokur, hore, iyung,
walah, tobat, eman, halo, lsp.
Panganggone tembung panyeru ing ukara katon kaya tuladha ing ngisor iki.
1.
Lho, dudu sing kuwi.
2. Sokur, kowe
ditinggal kanca-kancamu kabeh.
3. Halo Dhik,
piye kabare?
4. Nah, saiki
saka kene uws cetha apa durung?
Sumber : http://www.sastrajawa.com/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar