Upacara tingkeban ana ing masyarakat
Jawa Tengah lan Ngayogyakarta nganti tumeka saiki isih kereb ditindakake.
Upacara tingkeban iki minangka upacara slametan pitung sasi kanggo calon ibu
kang mbobot kaping pisanan. Upacara tingkeban dianakake mesthi wae nduweni
ancas kang kepengin digayuh dening kulawarga, mligine ancas supaya bayi lair
kanthi gampang, slamet lan ora ana alangan apa-apa. Kajaba iku muga-muga
mbesuke bisa dadi anak kang bekti marang wong tuwane. Ing kene uga arep
diandharake tata cara upacara tingkeban kalebu nyamping kang dienggo calon ibu.
Upacara tingkeban kawiwitan mawa sungkeman. Ing acara sungkeman, calon ibu lan calon
bapak luwih dhisik sumungkem ing ngarsane Rama lan ibune. Sungkeman iki nduweni
teges muga–muga ing tembe jabang bayi kang dilairake bisa dadi bocah kang bekti
marang wong tuwane. Sabanjure upacara siraman, Ana ing
upacara siraman, calon ibu disiram dening wong pitu, kayata: bapak saha ibu
saka calon ibu, bapak saha ibu saka calon bapak, simbah, sedulur utawa tangga
teparo kang bisa dadi tuladha becik. Sawise siraman banjur sesuci (wudhu). Banyu kang diwadhahi ing kendhi
kanggo sesuci mau banjur dipecah dening ibu saka calon ibu kanthi ngendika: “
ora mecah kendhi, nanging mecah pamore jabang bayi.”
Ing upacara tingkeban, calon ibu ganti nyamping kaping pitu, kang urut-urutane:nyamping sidaluhur, sidamukti, truntum, wahyu tumurun, udan riris,
parang kusuma lan nyamping semen romo. Sabanjure ganti nyamping ana
adicara nigas janur kuning. Calon bapak nigas janur
kuning kang diubetake ing bangkekane calon ibu. Sawise nigas janur kuning,
calon bapak banjur mlayu banter, iki nduweni ancas muga-muga jabang bayi bisa
lair kanthi lancar lan cepet. Banjur acara brojolan. Brojolan
ing kene ana werna loro yaiku brojola tigan (kanthi pangajab muga-muga bayi bisa
kalairake kanthi gampang ora ana sukerta kang ngalang-alangi). Brojolan kaping
pindho yaiku brojolan cengkir kang digambari Kamajaya lan Kamaratih utawa
Arjuna lan Subadra kang minangka pralambang laire jabang bayi. Mangkono mau
urut-urutan ing upacara tingkeban. Ananging, amarga desa mawa cara negara mawa
tata, mula ora mokal manawa saben dhaerah beda tata carane nindakake. Kabeh mau
minangka simbol kanggo nggayuh kabecikan.
Sumber: (sastrajawa.com)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar