Jejer Ngastina
Prabu
sentanu diadhep putra Dewabrata, Patih Simahandaka, lan para wadya, lan
ngendika menawa Dewabrata bakal dijumenengake dadi Ratu Ngastina. Dewabrata
matur yen satemene kang pantes jumeneng nata iku Abiyasa. Sang Nata bingung.
Pungkasane kang bakal dijumenengake ratu yaiku Raden Astabrata (putra patutan
saka Dewi Durgandini). Dewabrata diutus ngaturi Matswapati saperlu
nyekseni . dewabrata budhal.
Ing
Wiratha, Matswapati menggalih apa kang ndadekake Abiyasa durung dijumenengake
dadi ratu ing Ngastina. Dewabrata sowan lan matur menawa Matswapati kaaturan tindak Ngastina saperlu
nyekseni jumenenge Astabrata dadi ratu. Matswapati duka lan ora bakal rawuh ing
Ngastina. Dewabrata meksa, wusana malah dadi perang antarane Dewabrata lan Raden
Seta, banjur dipisah dening Patih Simahandaka. Dewabrata didhawuhi bali menyang
Ngastina.
Ing
Ngastina, Dewabrata matur apa kang wis kalakon. Sentanu dhawuh marang Dewabrata
supaya sowan ing Wukir Retawu, ngajak Abiyasa melu sayembara perang ing nagari Purwacarita.
Dewabrata budhal lan satekane ing Wukir Retawu matur dhawuhe sang Nata. Abiyasa
mituhu banjur budhal. Lakune ing dalan kepapag dening raseksa saka Taratebang
banjur perang.
Ing
Negara Purwacarita, Prabu Maduretna nampa lapuran saka para wadya menawa papan
sayembara wis dadi. Para ratu sewu nagari wis padha teka lan sayembara
diwiwiti. Nanging pungkasane ora ana kang bisa ngalahake Raden Nagapaya. Prabu
Maduretna kang nampa lapuran mangkono banjur salah panampa. Piyambake ngira yen
Raden Nagapaya arep ngalap sedulure dhewe. Raden Nagapaya rumangsa kadakwa
tumindak ora bener. Nagapaya banjur pamit lunga saka Negara. Tekan tengahing
alas, Nagapaya rumangsa wiring banjur arep golek pati. Nanging Bathara Narada
ngelingake yen dalan iku ora prayoga. Narada ngaturake dhawuhe Bathara Guru
supaya Nagapaya luwih becik tapa madeg pandhita ana ing Argabelah, peparab
Begawan Bagaspati. Nagapaya budhal.
Prabu
Maduretna nalika miring kabeh ature Ambiyakusuma ngenani Nagapaya banjur kaget.
Dumadakan raja raseksa jumedhul saka ngisor lemah, ngadhep Sang Prabu, nuli
nyuwun putri Sang Prabu. Wusanan sang putri diparingake.
Sawise
iku Dewabrata lan Abiyasa sowan ing Purwacarita, nedya arep melu sayembara
perang. Dewabrata lan Abiyasa banjur mungsuh Arimuka lan Wahmuka kanggo gantine
Nagapaya. Dewabrata lan Abiyasa anggone perang nganti judheg amarga Arimuka
Wahmuka ora bisa dikalahake. Semar matur supaya arimuka Wahmuka dibalang bathok
bolu isi kunir welat. Abiyasa nurut parentahe Semar. Wusana Arimuka Wahmuka
malih dadi kawah lan ari-ari. Dewabrata lan Abiyasa matur marang Prabu yen wis
bisa ngalahake Arimuka Wahmuka, banjur Ambika diparingake marang Dewabrata.
Dewabrata matur yen Ambika dititipake ing Purwacarita dhisik, nanging Ambika
ora gelem. Wusana Ambika melu menyang Ngastina.
Ing
dalan Dewabrata ngakon Ambika supaya bali dhisik menyang nagarane. Ambika tetep
ora gelem. Dewabrata meksa kanthi nyekel jemparing. Ananging apese jemparing
mau mrucut, Ambika ketaman jemparing banjur sirna. Dewabrata ngrungkebi lan rumangsa
salah, dumadakan keprungu swara kang ngandharake menawa ing tembe ing prang
Bharatayuda arep males ukum. Dewabrata bingung banjur karawuhan Bathara Narada,
kang dhawuh menawa iku wis garising Gusti. Dewabrata ora diparengake bali
Ngastina, nanging kadhawuhan tapa madeg pandhita ing Talkandha peparab Begawan
Bisma. Dewabrata nurut dhawuhe Bathara Narada.
Ing
Ngastina Sentanu ngarep-arep Dewabrata lan Abiyasa. Dumadakan Abiyasa rawuh
nggawa Ambiki lan matur kabeh kang wus kelakon. Sang Prabu banget menggalih
Dewabrata. Sentanu dhawuh marang Abiyasa yen Ambiki bakal diparingake Raden
Astabrata. Abiyasa ngaturake Ambiki. Santanu dhawuh maneh Manawa Ngastina bakal
diparingake marang Astabrata. Abiyasa duka, suwe-suwe dadi gelut. Abiyasa kalah
lan mlayu menyang Wiratha.
Ing
Wiratha Abiyasa ngrungkebi pamane lan matur apa kang wus kadadeyan. ,atswapati
duka lan dhawuh supaya nyiapake wadya bala saperlu nglurug Ngastina. Ing
Ngastina Matswapati sawadya bala kalah. Raden Abiyasa nimbali Semar, nyuwun
pirsa bakal kepiye kedadeyane. Semar nuli munggah kahyangan, ngadhep Bathara
Guru, nedya sedane Sentanu. Bathara Guru ora duwe wewenang. Sang Hyang Wenang
rawuh didherekake Bathara Wisnu. Hyang Wenang banjur dhawuh marang Bathara
Wisnu supaya mudhun menyang ngarcapada saperlu nyendhal mayange Sentanu.
Ing
Ngastina, Sentanu dhawuh marang Ambiki kang isih nggarbini supaya nurut
dhawuhe. Sentanu banjur manjing jroning guwagarbaning Ambiki lan diwejang
aji jayakawijayan. Sang Hyang Wenang
kang pirsa tingkahe Sentanu dhawuh marang Wisnu supaya manjing guwagarbane
Ambiki. Jabang bayi kang wis diwenehi aji-aji dening Sentani nuli direka supaya
ing tembe dadi manungsa cacat wuta.
Sentanu
banget sungkawa nalika pirsa yen nampa dukane dewa.Sang Hyang Wenang kang
didherekake para dewa paring duka marang Sentanu amarga tumindak kang nerak
aggger-angger. Sang Hyang Wenang dhawuh marang Bathara Wisnu supaya nyendhal
mayang jiwane Sentanu. Bathara Wisnu mateg aji Jalasutra sinambi nyendhal
jiwane Sentanu. Sanalika Sentanu sirna, kuwandha dilebokake kawah Candradimuka.
Bathara
Guru nimbali Astabrata, banjur dipundhut menyang Suralaya kanggo njangkepi
dewa. Ing Ngastina, Matswapati misudha
Raden Abiyasa jumeneng nata ing Ngastina jejuluk Prabu
Kresnadipayana lan nggarwa Ambiki dumadakan ing jaba
mungsuh teka, banjur perang. Raden Seta nandhangi, para raja sewu nagari padha
kalah. Sawise iku kabeh padha suka andrawina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar