Halaman

Selasa, 14 Januari 2014

LATIAN SOAL



LATIAN SOAL KELAS XII
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih aksara, a, b, c, d, utawa e kang kokanggep bener!
 Semaken pawarta ing ngisor iki kanggo pitakonan nomer 1-3.
            Rikala dinten Selasa surya kaping 7 Desember 2010 utawa surya kaping 1 Syura/ 1 Muharram 1432 H kepungkur, Museum Tosan Aji Purworejo nggelar adicara Jamasan Pusaka. Pusaka ingkang dipunjamasi cacahipun 1024, dipunadani kanthi ritual budaya. Menawi dipungunggung paling kathah arupi keris ingkang cacahipun718, lajeng tombak 288, pedang 7, kujang 3, badik 3, samurai 3, cundrik 1, granggang 1 saha jambio 1. Saderengipun jamasan dipunwontenaken kenduri agung kalajengaken prosesi jamasan ingkang dipunwiwiti kanthi kirab pusaka. Pusaka ingkang dipunjamas langkung rumiyin inggih menika Keris Sabuk Inten Luk Sewelas damelanipun Empu Supoanom saking Kraton Mataram abad XVI. Jamasan punika ngginakaken toya ingkang sampun dipuncampur sekar lajeng dipunparingaken wonten ing bejana kuningan.

1.      Isine pawarta ing dhuwur mujudake kedadeyan aktual. Werdine kedadeyan aktual yaiku ....
a.       Kedadeyan sing gawe bingung
b.      Kedadeyan sing gawe gegere kulawarga
c.       Kedadeyan sing gawe senenge masarakat
d.      Kedadeyan sing diwartakake lumantar radio lan TV
e.       Kedadeyan sing lagi nedheng-nedhenge dirembug masyarakat
2.      Pawarta kasebut nggunakake ragam basa...


a.       Krama alus
b.      Ngoko lugu
c.       Krama inggil
d.      Ngoko
e.       Ngoko andhap

3.      Cacahing pusaka kang dijamas ana ...
a.       2104
b.      1204
c.       1024
d.      718
e.       288
4.      Raja Eka Cakra kang karem mangsa daginging manungsa yaiku...
a.       Baka
b.      Rahwana
c.       Matswapati
d.      Kunjarakarna
e.       Borma Narakasura
5.      Pandhawa kadhawuhan enggal lumawata mring Wiratha kang lagya ketaman rubeda. Kang jumeneng raja ing Wiratha...
a.       Prabu Drupada
b.      Prabu Baladewa
c.       Prabu Puntadewa
d.      Prabu Matswapati
e.       Prabu Boma Narakasura
6.      Putrane Resi Subali lan Dewi Tara yaiku....
a.       Anggada
b.      Anoman
c.       Sugriwa
d.      Subali
e.       Anila
7.      Resi Subali kamiwelasan lali lagak lagune Sang Nata. Lagak lagon tegese....
a.       Kahanane
b.      Ature
c.       Watake
d.      Awake
e.       Wadulane
8.      Pramila, keparenga amratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh 10.00 penganten kakung kula tampi kanthi sae. Ukara iku diucapake dening paraga....
a.       Panatacara
b.      Pambagyaharja
c.       Tampi penganten kakung
d.      Pasrah penganten kakung
e.       Sambutan
9.      Lampahing adicara kasuwun sageda gangsar lan gancar. Gangsar maksude....
a.       Alus
b.      Urut lelakone
c.       Tumpang suh
d.      Gawe bungah
e.       Enggal tekan sing disedya
10.  Piwulang lan warah kang diandharake kanthi sinandhi utawa ora blak-blakan kang ditonton saka surasa, swasana, lan acting para paragane diarani....
a.       Geguritan
b.      Gancaran
c.       Sandiwara
d.      Saloka
e.       Sastra
11.  Mbokbilih wonten .... kula ingkang boten damel sarjuning  penggalih, kula.... pangapunten.
a.       Atur- disuwun
b.      Ngendika-nyuwun
c.       Matur-mundhut
d.      Pangandikan-nyuwun
e.       Atur-nyuwun
12.  Pangetrepane tembung ing ngisor iki bener, kajaba....
a.       Saben jam sewelas dalu kula sampun mapan tilem
b.      Simbah dereng kersa sare, taksih midhangetaken giyaran ringgit wacucal
c.       Bapak kondur, kula boten mangertos amargi kula sampun sare
d.      Kula botrn siyos tumbas sepatu amargi artanipun kirang
e.       Ibu mundhut lele tigang kilo
13.  Miturut bausastra sesorah tegese...
a.       Ngetokake pikiran
b.      Ngetokake panguneg-uneg
c.       Ngetokake panguneg-uneg awujud lesan ing ngarepe wong akeh
d.      Ngetokake panguneg-uneg awujud pikiran
e.       Ngetokake panguneg-uneg awujud tembung
14.  Awit saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah kersa paring wedharing pengetan ambal warsa SMK N 2 Purworejo. Ambal warsa tegese ....
a.       Ulang taun
b.      Taun anyar
c.       Syukuran
d.      Pepisahan
e.       Ngresmekake
15.  Bathik kang dadi sawijining jati dhiri budayane dhewe kudu diopeni. Ora mung  diapresiasi, nanging uga implementasi. Mbathik nglatih sabar lan konsentrasi. Mbathik kuwi kabisan lan katrampilan kang murakabi. Motif bathik utawa cakrik sing atusan cacahe bisa dimekarake, dibabar, digelar kreasine. Ngengreng, nembok, model, ngerok, mbironi, nyoga, mbambar, diopeni, diudi dadi wohing seni, jati dhiri budaya kang ngeram-erami.
Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf....
a.       Deduktif
b.      Induktif
c.       Eksosentris
d.      Monosentris
e.       Endosentris
16.  Crita pengalaman pribadi kalebu crita...
a.       Deskripsi
b.      Argumentasi
c.       Narasi
d.      Persuasi
e.       Eksposisi

Geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no 17-19
Blangkon Tuwek
Ana blangkon tuwek
Pinggire suwek
Dikrikiti coro elek
Kuwi blangkon tuwa
Wewayangan budaya jawa
Dikrikiti jaman sarwa sulaya
Sapa sing bisa ndondomi
Lan nganyari?
17.  Geguritan ing dhuwur nyritakake ...
a.       Blangkon kang wis suwe dienggo banjur katon rusak
b.      Kabudayan Jawa kang meh ilang amarga dikrikiti jaman sarwa modhern
c.       Wong tuwa kang bisa ndondomi blangkon dadi anyar maneh
d.      Jaman edan
e.       Wong tuwa kang sulaya merga jamane wis modhern


18.      


19.
. 
  20. Wataking tembang Maskumambang yaiku...
a.       Nelangsa, sedhih
b.      Semanak, sumadulur
c.       Sereng, nepsu, gandrung
d.      Seneng, asih, kasmaran
e.       Sembrana parikena, lucu




Tidak ada komentar:

Posting Komentar