I. Arti
Upacara Ruwatan

II. Asal-Usul
Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang
purwa, yaiku sinebut Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa
pembuka, Kala artine bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita
kui nyritaake babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala.
Crita singkate ngene :
Wektu kui Bathara Guru lagi omong-omongan karo
garwane, yaiku Dewi Uma. Mabur ning dhuwur samudro numpak
lembu Andhini. Bathara Guru ora bisa nahan nafsu, kepengen dadi siji marang
Dewi Uma. Nanging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe (sperma) Bathara Guru tiba
ning donya, lan malih dadi makhluk sing gedhe, yaiku raseksa. Raseksa kui mau
mabur ning kayangan nggoleki bapake, yaiku Bathara Guru. Bathara Guru ngakoni
menawa kui putrane, lan raseksa kui dijenengke Bathara Kala. Kala takon karo
bapake, menungsa sing koyo piye sing ethuk dadi pakanane. Bathara Guru njawab,
yaiku manungsa sing kalebu anak sukerta, yaiku sing duweni nasib sial amarga
lairane utawa menungso sing nduweni dosa. Kala medhuk nyang donya lan nggoleki
mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing kalebu anak sukerta kuwi akeh
banget. Menawa Kala ora dicegah menungso ning donya bakal enthek dipangan Kala.
Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerto menawa ora pengen
dipangan Bathara Kala kudu nganaake upacara Ruwatan. Lan Kala bakal bali ning
asale menawa disangoni sesaji.
Amarga
kuwi, kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganaake upacara Ruwatan kanggo anak
sukerto, kanggo ngusir Bathara Kala. Upacara Ruwatan nganggo nanggap wayangan
sing lakone Bathara Kala, karo nyediaake sesaji kanggo sangu Bathara Kala lungo
nyang panggonane.
III. Tujuan
Ruwatan
iku tujuane kanggo mbalekake neng keadaan sedurunge, maksude keadaan saiki sing
kurang apik dibalekake neng keadaan sudurunge sing apik. Tujuan liya ruwatan
yaiku mbebasake wong utawa barang utawa desa saka ancaman bencana sing
kemungkinan bakal kedadiyan dadi isa dianggep yen upacara adat iki sejatine
kanggo tolak bala utawa mbuang sial.
IV. Jenise
Ruwatan
a. Ruwatan
kanggo awake dewe
Ruwatan kanggo awake dewe kui nduweni tujuan kanggo
ngresiki salahsiji uwong sing dianggep bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane
mung ditebus nganggo mertapa, poso, utawa nganaake slametan.
b. Ruwatan
kanggo lingkungan
Ruwatan sing kanggo lingkungan, upamane omah. Tujuane
:
i. Nguwenehi
pager ghoib kanggo nahan, nolak, lan mindahake apa wae sing asipat negatif sing
ono ning omah kui, utawa sing arep mlebu ning moah sing diruwat. Biasane
nganggo tumbal (sesaji) sing diperloake.
ii. Nguwenehi
pager ghoib, supaya uwong sing nduweni niat ala ora iso mlebu ning omah kui.
iii. Nguwenehi
pager ghoib kanggo nggurung utawa nolak setan.
c. Ruwatan
kanggo daerah
Ruwatan Daerah iku kanggo nolak bencana
utawa bahaya ning daerah. Biasane nanggap wayang purwa sing dilakoni wayah bengi.
Tujuan liyane yaiku dedonga supaya daerah kang diruwat kui makmur, ayem, lan
tentrem.
V. Anak
Sukerta
Miturut
kepustakaan ” Pakem Ruwatan Murwa Kala “ Javanologi gabungan saka pirang-pirang
sumber, antarane saka Serat Centhini ( Sri Paku Buwana V ), uwong sing kudu
diruwat kui jenenge anak utawa uwong ” Sukerta ”. Sing kalebu anak Sukerta
yaiku :
1) Ontang-Anting,
yaiku anak tunggal lanang utawa wedhok.
2) Uger-Uger
Lawang, yaiku anal loro lanang kabeh.
3) Sendhang
kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing mbarep lan ragil lanang lan anak sing kaping
loro wedhok.
4) Pancuran
Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing mbarep lan ragil wedhok lan anak sing nomer
loro lanang.
5) Anak
Bungkus, yaiku anak sing lahir kebungkus karo placenta.
6) Anak
Kembar, yaiku anak loro sing lair bareng, lanang utawa wadon kabeh, utawa
“kembar dampit” yaiku kembar siji lanang siji wedhok.
7) Kembang
Sepasang, yaiku anak loro wedhok kabeh.
8) Kendhana-Kendhini,
yaiku anak loro, siji lanang siji wedhok.
9) Saramba,
yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4.
10) Srimpi, yaiku anak wedhok kabeh, cacahe
4
11) Mancalaputra atau Pandawa, yaiku anak 5
lanang kabeh.
12) Mancalaputri, yaiku anak 5 wedhok kabeh.
13) Pipilan, yaiku anak 5, sing 4 wedhok,
lan sing siji lanang.
14) Padangan, yaiku anak 5, sing 4 lanang,
lan siji wedhok.
15) Julung Pujud, yaiku anak sing lair pas
matahari angslep.
16) Julung Wangi, yaiku anak sing lair pas
matahari njedul.
17) Julung Sungsang, yaiku anak sing lair
pas jam 12 awan.
18) Tiba Ungker, yaiku anak sing lair, terus
mati.
19) Jempina, yaiku anak sing mati pas umur 7
sasi ning weteng.
20) Tiba Sampir, yaiku anak sing lair
kalungan usus.
21) Margana, yaiku anak sing lair pas
perjalanan.
22) Wahana, yaiku anak sing lair ning ngarep
omah utawa ning latar ngomah.
23) Siwah atau Salewah, yaiku anak sing lair
nduweni 2 macem werna kulit, ireng lan putih.
24) Bule, yaiku anak sing lair nduweni kulit
koyo bule.
25) Kresna, yaiku anak sing lair nduweni
kulit ireng.
26) Walika, yaiku anal sing lair prematur
utawa cilik banget.
27) Wungkuk, yaiku anak sing lair nduweni
geger sing bengkok.
28) Dengkak, yaiku anak sing lair nduweni
geger sing nonjol, koyo geger onta.
29) Wujil, yaiku anak sing dilairke cebol.
30) Lawang Menga, yaiku anak sing dilarke
pas anane “candakala” yaiku langit sing katon abang.
31) Made, yaiku anak sing dilairke ora
nganggo lambaran/kloso.
32) Uwong sing ngliwet, ngebrukke ” Dandhang
“ (wadah sing kanggo ngiwet).
33) Mecahke ” Pipisan ” lan nugelke ” Gandik
“ (landesan lan watu sing kanggo ngaluske bumbu).
34) Uwong sing manggon ning omah sing ora
enek ” tutup keyonge “
35) Uwong sing bobok ning dhuwur kasur ora
ngganggo sprei (sing dinggo nutup kasur).
36) Uwong sing nggawe pajangan utawa hiasan
ora nganggo samir utawa godhong gedhang.
37) Uwong sing duwe lumbung pari utawa kopra
sing ora nganggo alas lan payon.
38) Uwong sing delehake barang ( dandhang
misale ) ora dikei tutup.
39) Uwong sing nggawe kutu sing ijeh urip.
40) Uwong sing ngadhek ning tengah lawang.
41) Uwong sing ndodok ning ngarep lawang.
42) Uwong sing songgowang.
43) Uwong sing senengane ngobong kulit
bawang.
44) Uwong sing nggatukke barang siji lan
sijine (misale dandhang didu karo dandhang).
45) Uwong sing seneng ngobong rambut.
46) Uwong sing senengane ngobong kloso sing
seko pring.
47) Uwong sing senengane ngobong kayu uwit
“kelor”.
48) Uwong sing senenge ngobong balung.
49) Uwong sing senengene nyapu ora
ditutukke, utawa ora diobong sisan.
50) Uwong sing senenge ngguwang uyah.
51) Uwong sing mbuwang regetan saka jendela.
52) Uwong sing mbuwang regetan ning longan.
53) Uwong sing bobok pas srengenge njedul.
54) Uwong sing bobok pas srengenge angslup (
wayah surup ).
55) Uwong sing menek uwit pas jam 12 awan (
wayah bedhug ).
56) Uwong sing bobok pas jam 12 awan.
57) Uwong sing ngliwet trus ditinggal lungo.
58) Uwong sing seneng ngakoni duweke wong
liyo.
59) Uwong sing senenge ninggal beras ning ”
lesung ”.
60) Uwong sing ngambrukke pemean “wijen”.
VI. Piranti
Ruwatan
Ana
pirang-pirang piranti sing kudhu eneng ning upacara ruwatan. Piranti sing
digunaake miturut adat ning daerah dianeake ruwatan kui. Antarane :
a. Piranti
kanggo nanggap wayang kulit purwa, lakon “Murwa Kala”, yaiku :
1) Gamelan
Jawa
2) Wayang
Kulit sak kotak, komplit
3) Kelir
utawa kain
4) Blencong
utawa lampu minyak
b. Sesajen
kang kudhu disediaake yaiku :
1) Tuwuhan,
antarane ana gedhang raja sing uwis mateng lan apik, sing ditegor karo gagange,
lan cengkir gading utawa kelapa enom, wit tebu karo godhonge, godhong ringin,
godhong elo, godhong apa-apa, godhong serep, godhong alang-alang, godhong meja
lan kara, lan godhong kluwih sing sakabehe ditali ngadhek ning cagak lawang.
Nduweni teges dadi hiasan lan penyuwunan.
2) Kembang
mayang loro, sing uwis dipaes, diselehake ning mburi kelir kiwo lan tengen,
kembang setaman ning bokor, diselehake ning ngarepe dhalang sing bakal dinggo
kanggo ngedusi Batara Kala, lan wong sing diruwat.
3) Geni
utawa watu areng ning jero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal digunaake Kyai
Dalang salebeting tanggapan.
4) Kain
mori putih kurang luwih dowone 3 meter, digelar ning ngisor debog panggungan
saka kelir nyanti sak mburining kelir lan diwenehi kembang mawar ning ngarepe
kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Dene ning mburi kelir pinangka
panggonan lelenggahane Uwong sing diruwat kanti nganggo selimut kain mori
putih.
5) Gawangan
kelir sisih nduwur, dipaes nganggo kain batik sing anyar, cacahe 5, antarane
kain sindur, kain bango tulak lan dikei pari segedeng.
c. Macem-macem
sega sing kudhu ana, yaiku :
1) Sega
Golong nganggo goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel pithik, Nasi golong
dengan perlengkapannya, goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel ayam, sayur
menir.
2) Sega
Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe, abang lan ijo,
brambang, lan dele ireng.
3) Sega
Kuning nganggo ondog pithik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.
d. Macem-macem
bubur/jenang, yaiku :
1) Jenang
abang
2) Jenang
putih,
3) Jenang
kaleh,
4) Jenang
baro-baro (bubur sing werna-werna).
e. Macem-macem
jajanan pasar, yaiku :
Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing dikei duwit,
gula jawa, kelapa, jajanan arupa blingo sing dikei werna abang, kemenyan
kembang, banyu sing diwadahke cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik,
kendi sing isine banyu, empluk (kacang ijo, dele, kluwak, kemiri, gereh, endhog
pithik, dan duwit sak sen).
f. Piranti
liyane, yaiku :
1) Benang
lawe, minyak kelapa kanggo lampu blencong.
2) Arupa
kewan-kewanan misale manuk dara, pithik, utawa bebek.
VII. Tatacara
Ruwatan
Tatacara
ruwatan antarane :
a. Nanggap
wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”
Kanggo keluarga sing ora mampu nanggap wayang, isoh ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan lan wayange. Dhalange iso crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.
Kanggo keluarga sing ora mampu nanggap wayang, isoh ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan lan wayange. Dhalange iso crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.
b. Dhalang
mau bakal mimpin upacara cukuran rambutlan siraman. Sing bakal nyukur yaiku
wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur bakal dilarung
bareng karo sesajen sing disediaake.
c. Kanggo
syarat, dijukuk sithik wae geteh saka asal siale. Getheh kui bakal dilarung.
Carane njukuk getheh yakui nganggo ri, trus dioleske ning kapuk putih. Ri karo
kapuke mau dilarung karo:
1) Beras
4 kg
2) Slawat
1 Dirham (duit regane emas 1 gram)
3) Pithik
4) Teklek
(sandal saka kayu)
5) Benang
Lawe sagulung
6) Endhok
pithik sing lagi metu, durung enek sedina
7) Gula
setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg
8) Rambut
sing dicukur
9) Kelapa
1 cacahe
Kelapa, benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.
Kelapa, benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.
VIII. Piwulang
Ing Upacara Ruwatan
Upacara
Ruwatan sing dianaake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan. Menawa digateake,
upacara Ruwatan kui ora mung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan nglarung
sesajen nangging uga nduweni makna saka urut-urutaning Upacara. Intine, Upacara
Ruwatan kuwi nduweni piwulang :
a. Menawa
didelok syarat-syarate ruwatan, mesti ameh kabeh menungsa kuwi kudu diruwat.
Kuwi nuduhake rasa pepeling supaya menungsa kereb sedekah kanggo kaslametan
kita. Sakbenere kuwi ora kudhu ngganggo upacara ruwatan amarga ruwatan kuwi
karana katentreman ing jero ati.
b. Ruwatan
mesti enek kaitane karo Batara Kala. Sakbenere, Kala kuwi artine wektu. Nduweni
ateges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi karo wektu. Tuladhane,
mbesok saben menungsa bakal meruhi mati.
c. Ruwatan
kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita tansah tumindak sing
apik, lan ngedohi tuindak sing ala, sing bisa ndadeake uripe menungsa ora
tentrem.
sumber : guntara.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar