DONYA WIS LUNGSE
Dening : Rini
Tri Puspohardini
Muyeg saemba pasar
Ala becik mapan digelar
Lamun luput nintingi
Ora mokal ati keplantrang
Kaya ngoyak playune ayangayang
Ndeder kang bisa dibayangake
Luwih ndeder kanyatane
Kekitrang
Kaya prau kelangan layar
Wuta wektu, wuta dunung
Apa jatine ngaurip
Yen ta sakeh daya
Prasasat nglari susuhe angin
Esuk sore lan wengi
Dadi liturgi kang dilakoni
Tanpa ati
Lan rasa…
Sansaya kangelan maca tandha-tandha jaman
Katrem ing jagad fatamorgana
Ara ara segara wedhi
Sajake padha kelalen
Donya wis watara lunges
Kari ngenteni
Tancep kayone
Kidung saka Bandungan
Rini Tri Puspohardini
Tidak ada komentar:
Posting Komentar