Nalika rembulan sumunar ing akasa
Cahyane padhang jingglang ngebaki jagad
Ndadekake gumune kang nyawang
Sumiliring angin wengi
Rumasuk ing telenging ati
Gawe tentreming jiwa lan raga
Kaya-kaya tanpa rubeda
Binareng swara gamelan kang cetha ngegla
Ketawang puspawarna lan subakastawa
Agawe pikir tansah ayem
Kabeh perkara ilang sanalika
Kesaput ungeling gendhing kang tansah sumadya
Jiwa-jiwa kang mardika
Kebak karep lan pepenginan
Niti saben kahanan
Nitik saben kalodhangan
Jiwa-jiwa kang mardika
Datan sirna dening godha
Datan ilang dening pepalang
Nanging saiki
Kothong tanpa isi
Kothong tanpa jiwa
Kothong tanpa rasa
Anane mung awak kasil memba-memba
Pikir tanpa guna
Lali marang rasa
Nepsu kang ngambra-ambra
Dadi pathokan ing jaman kang wus edan
Ing ngendi jiwa-jiwa kang mardika?
apa isih ana?
apa isih ana?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar