Halaman

Minggu, 29 Desember 2013

LAHIRE BIMA BUNGKUS




Jejer Ngastina
Prabu Pandhu ngutus Patih Gandamana supaya ngaturi Resi Abiyasa rawuh ing Ngastina saperlu mbiyantu Dewi Kunthi nglairake . Patih Gandamana  nuli budhal.
Ing Mandrapura, PrabuTriyata arep males sedane     ingkang rama yaiku Prabu Trigarda kang seda dening Prabu Pandhu. Prabu Triyata dhawuh supaya nyiapake wadya bala banjur budhal menyang Ngastina. Ing dalan kepapag wadya bala Ngastina banjur dadi perang.
Ing pertapan Wukir Retawu, Patih Gandamana  ngaturi Resi Abiyasa rawuh ing Ngastina. Patih Gandamana didhawuhi menyang Ngastina dhisik. Resi Abiyasa dhawuh marang Widura supaya ndherekake Sang Resi. Ing tengah alas Widura kepapag para raseksa saka Mandrapura banjur padha perang.
Nalika Resi Abiyasa lan Widura rawuh ing Ngastina, dumadakan ana parekan kadipaten kang matur menawa Dewi Gandari krasa arep nglairake. Resi kaaturan rawuh ing kadipaten Gajahoya saperlu mbiyantu Dewi Gendari. Nalika Res wis tekan kadipaten, Dewi Gendari wis nglairake. Nanging dudu bayi, wujude daging tengkelan. Resi Abiyasa banjur ngruwat saengga dadi bayi telu, lanang loro, wadon siji. Sing mbarep kaparingan jeneng Duryudana, panenggake Dursasana, lan sing wadon Dursilawati. Dumadakan ana utusan Ngastina teka, ngaturi Sang Resi enggal rawuh ing Ngastina amarga Dewi Kunthi wis nglairake nanging awujud bungkus. Resi nuli tindak Ngastina.
Sapungkure Sang Resi, Dewi Gendari kelingan sumpahe, yaiku ing tembe buri putrane bakal dadi mungsuhe putrane Pandhu. Amarga putrane mung telu, Dewi Gendari duwe pangreka supaya nduwe putra satus. Kanthi cara nggunakake jasa para parekan lan emban cethi supaya nggarbini putrane Drestharastra. Wusana kasil saengga putra satus iku dijenengi Kurawa.
Ing Ngastina, Prabu Pandhu nyuwun supaya sang Resi ngruwat putrane kang awujud bungkus. Bathara Bayu rawuh lan mundhut bungkus banjur bungkus diselehake ing alas Mandalasana. Ing papan liya, ing Gunung Gandamana, Anoman lan garwane, Trijatha, nyuwun supaya enggal peputra. Dewa dhawuh supaya sowan Prabu Pandhu kanggo nyuwun sarana bisa peputra. Anoman lan garwa budhal menyang Ngastina.
Bathara Guru sawise mireng ature Bathara Bayu nuli dhawuh marang Dewi Uma supaya mbusanani jabang bayi ing jero bungkus. Dewi Uma lan Bathara Bayu nindakake dhawuhe Bathara Guru.
Ing Mandrapura, Prabu Triyata duka nalka miring ature Togog, banjur budhal menyang Ngastina.
Nalika iku ing Ngastina, Prabu Pandhu lagi nandang sungkawa. Resi Abiyasa nuli mundhut pusaka Mustika Jamus, kang malih dadi Jamus Kalimasada, kang isine Prabu Pandhu bakal peputra lima, dene putra kang ana ing bungkus ing tembe bakal bisa mbrastha mungsuh. Prabu Pandhu banjur rena ing penggalih. Ora suwe Anoman lan garwa sowan lan matur perlune. Tuwuh rasa melase Prabu Pandhu, banjur sang prabu nyuwun Sang Resi supaya paring sarana. Resi Abiyasa paring sarana kangawujud tirta kang wus diwenehi mantra, banjur diunjuk dening garwane Anoman. Ora let suwe sang garwa banjur peputra. Prabu Pandh dhawuh supaya Anoman sagarwa dumunung ing Gandamana. Anoman nyuwun pamit.
Dumadakan Prabu Pandhu nampa laporan menawa ana mungsuh kang teka. Prabu Pandhu banjur ngadhepi mungsuh yaiku Prabu Triyata. Wusanan Prabu Triyata gugur amarga ketaman jemparing Prabu Pandhu. Bala mungsuh kang ngamuk bisa dikalahake dening Sang Hyang Bayu. Pungkasane carita, kabeh padha rena ing penggalih.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar