Jejer
Kahyangan Jonggringsalaka. Bathara Guru, Bathara Narada lan para dewa padha
guneman babagan kahanan kahyangan kang katekanan mungsuh saka Negara Mendhang
Kumuwung, utusan Prabu Kilatbuwana, yaiku Patih Kalasrenggi sadurunge matur
menawa arep nyuwun Dewi Gagarmayang supaya dadi garwane Prabu Kilatbuwana.
Bathara Guru ora marengake banjur dhawuh marang Bathara Narada supaya
mbudhalake para dewa ngundurake bala raseksa. Bathara Narada banjur nindakake
dhawuhe lan wusana bisa ngundurake Patih Kalasrenggi lan bala raseksa.
Ing
Ngastina,Prabu Abiyasa ngutus Patih
Jayamisena masang grogol ing alas Jatirokeh. Prabu Abiyasa banjur tindak
menyang alas. Ing tengah alas kepapag
para raseksa saka Mendhangkumuwung, banjur dadi perang.
Resi
Narada ngadhep Bathara Guru lan didangu bab kahanane perang. Resi Narada matur
yen wis bisa ngundurake prajurit raseksa. Bathara Guru ngendika yen dewa
mbutuhake pambiyantu saka Ngastina amarga kadigdayane mungsuh cukup abot.
Ing
Mendhangkumuwung, Prabu Kilatbuwana duka sawise mireng ature Patih Kalasrenggi,
banjur menyang Suralaya.
Ing
pasanggrahan, Prabu Abiyasa rena penggalihe amarga para wadya bala kasil
nangkap kewan buron. Dumadakan Resi Narada rawuh, lan ngendika menawa Prabu
Abiyasa kaaturan menyang Suralaya. Sang nata munggah kahyangan didherekake Resi
Narada. Ing dalan, Prabu Kilatbuwana lan wadya bala kang arep ngrusak kahyangan
kepapag para dewa banjur padha perang. Wusana para dewa padha kalah. Resi
Narada lan Prabu Abiyasa rawuh. Abiyasa banjur mungsuh lawan Prabu Kilatbuwana.
Prabu Abiyasa kalah.
Bathara
Guru sawise miring ature Resi Narada lan para dewa nuli paring dhawuh marang
Resi Narada supaya dhateng Nagari Ngastina kanthi nggawa tirta wimasa kang
mengko bakal ditetesake marang jabang bayine Dewi Ambini. Resi Narada budhal.
Ing
Ngastina, Prabu Abiyasa nyuwun marang dewa supaya Dewi Ambini bisa lancar
anggone nglairake putra. Sanalika Ambini bisa nglairake putra kakung. Resi
Narada rawuh banjur nyiramake tirta wimasa saengga jabang bayi bisa dadi dewasa,
lan pinaringan asma Pandhudewayana. Raden Pandhu digawa menyang kahyangan. Ing
kahyangan Bathara Guru dhawuh marang Raden Pandhu supaya nyirnakake Prabu
Kilatbuwana. Raden Pandhu kaparingan pusaka panah Kyai Mustika Jamus. Raden Pandhu budhal
didherekake para dewa. Satekane ing Mendhangkumuwung, Raden Pandhu ngadhep
Prabu Kilatbuwana, nanging wusanane dadi perang. Pungkasane Prabu Kilatbuwana
gugur amarga ketaman pusaka Mustika Jamus. Patihe kendhang kena angine
prabawane pusaka iku. Pandhu nuli matur marang Bathara Guru yen dheweke wis
bisa nyirnakake Prabu Kilatbuwana. Bathara Guru banjur maringi pusaka Serat
Kalimasada lan minyak Tala minangka pisungsung. Raden Pandhu pamit bali menyang
negarane.
Patih
Kalasrenggi kang durung mati mesthi duka amarga Ratune diperjaya dening Raden
Pandhu. Sawise ngerti Pandhu bali menyang Ngastina, Patih Kalasrenggi sawadya
budhal saperlu ngrusak nagara Ngastina. Ing Ngastina, Pandhu matur marang Prabu
Abiyasa, Patih Jayamisena, menawa kasil mbiyantu para dewa. Dumadakan prajurit
matur menawa ana mungsuh kang nggoleki Raden Pandhu. Pandhu nuli mapag mungsuh.
Wusana dadi perang lan Patih Kalasrenggi kena pusaka Mustika Jamus lan gugur.
Wadya bala padha ngamuk, nanging bisa diadhepi dening Sang Hyang Bayu kang
tumurun ing ngarcapada. Pungkasane carita, kabeh padha rena ing penggalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar