PIWELING
Dening
: JFX Hoery
Aku mung bisa gedheg, nalika suwara iku bali
Sumriwing
Swara
tuwa, antep metu saka lesane simbah
Pitutur pindha sembur kang ngusap badan sakojur
Le,
putuku coba delengen kae langit
Biru
nanging sejatine tanpa rupa
Cedhak
tan bisa ginrayang, adoh tanpa wewangenan
Apa bisa kowe dadi kaya langit kae
Yen
bengi lintang-lintang padha gegojegan adum tresna
Eremna mripatmu sauntara, banjur elekna
Eningna
pikirmu sauntara, banjur rasakna
Pithatana
saben pletiking wektu
Kowe
bisa nglakoni?
Wolak-waliking jaman
kang sinebut cakramanggilingan
Setitekna awit lairmu
tinengeran jenang abang
Tangismu
nalika metu saka guwagarbane biyung
Guyu kasukan sakiwa
tengenmu ora mbokpaelu
Nanging
ing tembe pungkasane laku
Nalika kowe mesem
gumuyu ing ngayunanNE
Ganti
sakiwa tengenmu nangis sineksen langit
Mangkono
iku jantraning manungsa
Kowe
bisa ngerteni?
Jaganen kasunyatan,
piwelinge simbah
Jamane
wis tuwa jagade saya ciyut
Setitekna
sandining leluhur
Kang
sinamun ing tulis pepethingan
Enggonana
wewaton-wewaton senajan ora katon
Ing kono sumimpen
pagedhongane laku lakon
Lamun
linakonan kanthi madhep manteping karep
Bakal
dadi gantunganing urip kang sejati
Eneng-ening
sumarah lane ling
Meper
mubaling rasa ati
Ngesthi
budi ing sandyakala
Dadia
pratandha kasampurnan
Kowe
bisa ngecakake?
Tenggok ngondhok-ondhok
Piwelinge
simbah dakpundhi
Senajan
abot mbentoyot
Aku
ora suwala.
Jayabaya No 16, Minggu katelu, Desember
2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar