MACAPAT
Jinising tembang
Tembang bisa dipilah dadi loro,
siji tembang kang cakepane bebas ora kaiket guru lagu lan guru wilangan kang
diarani tembang dolanan/lelagon/tetembangan. Upamane jamuran ilir-ilir, lsp.
Saliyane iku ana tembang kang kaiket cakepane, cacahe wanda lan dhong-dhinge
(guru lagu). Tembang bisa diarani lelagon kang winengku ing sastra, yaiku luwih
nengenake sastra tinimbang lagune/iramane. Tembang iki dipilah dadi telu yaiku
tembang gedhe, tembang tengahan lan tembang alit/ macapat.
Macapat
Macapat bisa diwastani :
-
Maca nganggo pedhotan/singgetan saben patang
wanda. Iki ana empere nanging ora mesthi, awit nyatane cacahe wanda saben gatra
ora mesthi bisa dipantha-pantha dadi papat-papat.
-
Isi cakepan nyritakake kedadeyan ing donya
-
Ana kang mastani panca arpat. Lima sandhangane
vokal/guru lagu yaiku a (nglegena), i (wulu), u (suku), e (taling) lan o
(taling tarung).
-
Bisa ditegesi maca-mat (maca kanthi diematake
kanthi nggatekake kaendahane lagu)
-
Macapat bisa ditegesi maca-pat yaiku maca
tembang kang kaping pat. Kawiwitan saka pangerten : maca sa lagu = kakawin,
maca ro lagu = tembang gedhe, maca tri lagu = tembang tengahan, lan maca pat
lagu tembang alit/ macapat
-
Macapat yaiku tembang kang kawengku paugeran
tartamtu, kayata guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
Pangerten bab luk lan
gregel
-
luk =
bengkong. Tegese menggoke wanda jumbuh karo notasi lagu utawa titilaras. Tumrap
macapat saben wanda ora nganti telung notasi.
-
Gregel = variasi pocapan wanda/tembung kang ana
luke, supaya luwih kepenak dirungokake kaya-kaya ana notasi tambahan, nanging
ora ditulis.
-
Laya = layu = luluh = dadi siji.
Nembang kudu laya antarane cakepan karo not/thinthingan. Mula sadurunge
perlu mudheng makna saben tembang.
-
Cengkok = bedane lagu/notasi antarane tembang
siji lan sijine, sanajan sajinis tembang macapat. Upama : dhandhanggula
palaran, tlutur, maskentar lsp.
-
Wiled = luk kang luwih angel, amarga sak wanda
bisa luwih saka telung not. Tumrap macapat ora ana wiled, ananging ana ing
sekar ageng.
Macapat iku dhasare lugu, ora kakehan gregel utawa cengkok,
dene tembang utawa rerepen bisa nganggo cengkok utawa gregel. Cak-cakane
macapat nemenake surasane tembung kang kapacak ing pupuh. Mula pamunggele
tembung kudu pener.
Gunane macapat
1.
Kanggo medharake panemu lan pangrasane raja
utawa pujangga, sastrawan kanthi wujud tembang. Upamane : Serat Wedhatama,
Wulangreh, Kalatidha
2.
Nyenengake kang maca, awit yen bosen cengkok
kang siji bisa ganti cengkok liyane
3.
Nggampangake pangeling-eling
4.
Tulak balak
5.
Minangka liru japa mantra
6.
Minangka pambukaning tatacara adat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar