Maca
cepet
Ingkang dipunwastani maca cepet inggih
menika sawijining proses maosing pundi saben menit sampun saged pikantuk 250
tembung.
Ancasipun kangge madosi sarta supados
pikantuk informasi arupi isi lan saged paham makna wacan kasebat kanthi leres.
Caranipun maca cepet :
1. kedah
sregep anggenipun gladhen maos
2. maos
jroning batin lan konsentrasi
3. boten
mongsal-mangsuli tembung
4. tangan
boten nudingi tulisan setunggal mbaka setunggal
5. soca
mirsani kanthi permati
6. manunggaling
raos lan pocapan (ngertos wosipun wacan)
Pathokan
Kirang saking 119 tembung per menit = kurang
120-175 tembung per menit = sedheng
Langkung saking 175 tembung per menit = apik
Maca cepet trep dipunginakaken nalika
maos layang kabar kanthi tujuwan :
1. madosi
angka-angka statistik, daftar
2. nalika
nonton siaran TV
3. ningali
daftar budhalipun sepur
4. madosi
nomer tilpun
5. madosi
tembung ing kamus
cara maos ingkang saged cepet angsal
informasi
1. skimming
cara maos kangge
madosi bab-bab ingkang wigati kanthi cepet. Tuladhanipun madosi pokok perkawis,
pamanggih tiyang utawi ingkang wigati kanthi boten maos sedaya.
2. Scanning
Cara maos kangge
madosi kabar informasi ingkang sampun dipunbetahaken. Caranipun cekap dipunwaos
bagian ingkang dipunpadosi kemawon.
Tuladhanipun : madosi
nomor wonten buku tilpun, madosi tembung kamus, madosi nomer indeks lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar