Drama/ Sandiwara
Skenario utawi naskah drama
inggih menika karangan ingkang wosipun cariyos utawi lakon dumados saking
pinten-pinten babak. Saben babak kaperang dados pinten-pinten adegan. Saben
adegan dipunwatesi dening ewah-ewahanipun swasana, panggenan, wekdal utaei dumuginipun
paraga sanesipun.
Naskah ngemot dialog,
kahananipiun panggung ingkang dipunbetahaken (lampu, rias, busana,
iringan)kalebet katrangan ngenani kawontenan utawi swasana, watak, saha tingkah
lakunipun paraga. Pacelathon ing naskah dipunwastani dialog. Dene katrangan
ingkang dipunserat salebetipun tandha kurung dipunwastani pandom utawi
kramagung.
Menawi badhe nyerat naskah
sandiwara kedah migatosaken bab-bab ing ngandhap menika.
1.
Tema
Tema inggih menika gagasan ingkang dados dhasar lakon.
Rikala nyerat naskah sandiwara wonten pitakon, “perkawis menapa ingkang
badhe dipuncariyosaken ?” wangsulan saking pitakonan menika ingkang
dipunwastani tema.
2.
Alur
Alur menika urut-urutaning cariyos ingkang ngandhut hukum dramatik.
Kedah dipunmangertosi, alur drama menika kaperang dados enem tahap,
inggih menika:
a.
Eksposisi, ing tahap menika ingkang mirsani
dipuntepangaken kaliyan lakon sandiwara ingkang badhe dipunparagakaken
b.
Konflik, paraga drama wiwit ngalami perkawis
c.
Komplikasi, perkawis nuwuhaken konflik ingkang sansaya
kathah lan ruwet
d.
Krisis, inggih menika puncak saking
konflik/masalah
e.
Resolusi, konflik sampun milai saged
dipuncekapaken
f.
Keputusan, sedaya perkawis sampun saged dipun
cekapaken lan sekedhap malih cariyos purna.
3.
Penokohan
Penokohan mujudaken corak ingkang nggadhahi ciri dhateng lelampahan.
Saged kaperang dados tokoh antagonis, protagonis lan ugi tritagonis.
4.
Latar utawi setting ingkang nyakup aspek ruwang,
wekdal, saha gerak (dumadinipun kedadosan) ingkang kedah dipun jumbuhaken
kaliyan kawontenan utawi situasi lan kondhisi medhia pementasan.
Apresiasi
drama/sandiwara
Apresiasi inggih menika kesadharan tumrap nilai seni lan budaya utawa
pambijen/ pangajen tumrap menapa kemawon. Ngapresiasi inggih menika nindakaken
pengamatan, pambijen lan pangajenan. Wondene apresiasi drama inggih menika kegiyatan
ingkang mbahas babagan tema, amanat, gaya bahasa, lan kaendahan basa ingkang
dipunginakaken tuwin menapa kemawon ingkang wonten gandheng cenenge kaliyan
drama/sandiwara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar