NYEMAK
WARA-WARA

Nyemak wacan nonsastra
ing piwulang basa jawa bisa arupa nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak
crita. Nyemak wara-wara, nyemak pawarta, lan nyemak crita kalebu nyemak
intensif. Tegese nyemak kang dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing
mirunggan kanggo mangerteni teges sing ana. Dene menawa dijlentrehake maneh
kalebu nyemak intensif-konsentratif. Awit, ana ing nyemak wara-wara, wong kang
nyemak ngupadi bab-bab informasi sing penting.
Supaya anggone nyemak mikolehi asil kang
dikarepake ana babagan penting kang kudu ditindakake wong kang nyemak.
1.
nyiapake fisik lan
mental, tegese kahanane sehat, ora kesel, mental stabil lan pikirane padhang
2.
konsentrasi, tegese
musatake perhatian lan pikiran tumuju marang apa kang disimak
3.
motivasi, tegese
nduweni tujuwan tertemtu kang pingin digayuh
4.
objektif, tegese
mangerteni saben thek-kliwere apa kang disemak
5.
nyemak kanthi wutuh,
tegese nyemak sakabehe, ora perangane wae
6.
selektif, tegese
tansah milih perangan penting bab bahan semakan
7.
ora gampang keganggu
swara-swara saka njaba
8.
ngregani pawongan sing
ngendikan, ora ngremehake
9.
rikat anggone
mangerteni kahanan (menyesuaikan dhiri)
10. ora emosional, ora ngenyek pawogan sing ngendikan,
11.
kontak kalawan
pawongan sing ngendikan
12.
ndamel rangkuman
13.
mbiji materi ingkang
ingendikakake
14. maringi tanggapan/reaksi/komentar
Tuladha wara-wara
assalamu'alikum wr.wb
Siswa kelas VII, VIII, lan IX kang tansah daktresnani, Sesambetan
kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas VII,
VIII, lan IX supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba
karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing
dinten : selasa,
surya : 27 november 2012
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri
kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.
wirosari,25 november 2012
ttd
ketua OSIS
Tidak ada komentar:
Posting Komentar