PAWARTA
Ingkang dipunwastani pawarta inggih menika prastawa utawi
kedadosan ingkang nglantaraken babagan tartamtu saking sadhengah kedadosan
ingkang dumados.
Wondene bab-bab ingkang kedah dipungatosaken supados pawarta
saged becik lan narik kawigaten inggih menika
1.
Aktual
Ateges pawarta ingkang dipunpacak
/dipunsiaraken engga, boten kadaluwarsa, dados prastawa utawi tokohipun taksih
sumebar dados rembugan wonten ing masyarakat.
2.
Basa ingkang dipunginakaken singkat, padhat, lan
saged dipunpercados
3.
Narik kawigaten, ateges basa utawi perkawisipun
damel sengseming para maos / pamidhanget
4.
Anyar, perkawisipun mujudaken perkawis anyar.
Maos Pawarta
Bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta :
1.
Intonasi
Intonasi kedah pas, kapan ngangge titik,
koma, lan tandha sanese
2.
Artikulasi
Vokal kedah leres lan saboten-botenipun
saged ngicali dialek
3.
Ekspresi
Pasuryan nalika maos pawarta kedah selaras
kaliyan tema pawarta
4.
Sikap
Sikap kedah sae lan trep
5.
Panyigeging ukara
Caranipun nyigeg ukara kedah leres amrih
boten luput anggenipun nyigeg ukara/ negesi ukara
6.
Wiraga
Wusananipun kedah trep, pantes, boten
ingah-ingih, boten ndredheg, lan saged damel regenging swasana
7.
Wirama
Wirama kedah dipuntrepaken, utaminipun
pengucapan lisan kedah tansah cetha
8.
Wirasa
Ngagem basa ingkang komunikatif, prayogi
gampil dipunmangertosi lan ngagem unggah-ungguh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar