1. Wicara. (anggenipun micara mboten angsal seru sanget utawi alon sanget)
2. Wiraga (raganipun kedhah jejeg, mboten ndungkluk utawi tegang, lajeng astanipun ingkang kiwa wonten ngandhap lajeng ingkang tengen wonten nginggil. menika dipun sebat ngapurancang)
3. Wirama (menawi ngendhikan kedhah migatosaken iramanipun, mboten cepet sanget utawi alon sanget)
4. wirasa (kedhah migatosaken wirasa, mboten angsal acara lelayu kanthi guyon)
Sesorah urut2anipun keperang dados 5 perkawis. inggih menika:
1. atur salam (ingkang kinurmatan bpak…., ibu… kanca2,.. sarta…lsp)
2. atur sukur (syukur dhumateng ghusti ingkang maha agung…)
3. iisi
4. pangarep-arep ( mugiya…)
5. panutup..
Tuladha sesorah
Assalamu’alaikum
wr.wb Nuwun,
Bapak Kepala Sekolah SMA N 10
Yogyakarta ingkang satuhu kinurmatan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kula
kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.
Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti
Ingkang Maha Agung, katilik ing wekdal punika kita sedaya saged manunggal
pepanggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng nir ing sambikala.
Keparenga kula ingkang piniji
minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten
sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng bapak ibu guru. Mugi Gusti nampi
pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah
kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman lan keslametan
dhateng kita sedaya. Amin.
Mugi-mugi acara menika dados sarana
nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten kaambali malih ing
wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing
tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya
mulya.
Cekap semanten atur kula, menawi
wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing
penggalih bapak ibu guru, karyawan sarta para kanca, kula nyuwun agunging
pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb
Tidak ada komentar:
Posting Komentar