Halaman

Sabtu, 07 Desember 2013


Geguritan

Geguritan kalebu puisi bebas yaiku tetembungan, ukara, unen-unen kang ora nganggo paugeran baku nanging sing ditengenake endahe basa. Kanggo nggayuh endahe basa padatan nganggo purwakanthi.
Wondene purwakanthi ana 3 warna
1.        Purwakanthi guru swara (swarane dibolan-baleni)
Tuladha : gemi, nastiti, ngati-ati 
                  (i dibaleni)
2.       Purwakanthi guru sastra (aksarane dibolan-baleni )

Tuladha : yekti kemba, kekembanganing pambudi                            ( aksara b dibaleni)
3.       Purwakanthi basa = purwakanthi lumaksita (tembunge dibaleni)
Tuladha : amrih bisa, bisa maca, maca sastra, sastra Jawa 
                  (tembung bisa, maca, sastra dibaleni)

Miturut Subalidinata (1995:45), geguritan kuwi iketaning basa kang memper syair. Geguritan uga salah sawijining sastra Jawa gagrak anyar. Asale saka tembung lingga gita kang ngemu teges syair utawa tembang. Tembung gita owah dadi gerita, banjur owah maneh dadi gurita, nuli dadi tembung lingga anyar gurita. Wusana dadi tembung dwi purwa kang katambahan panambang –an saengga dadi gu+gurita+an lan asring diwaca geguritan .
Kanthi dhasar dhapukaning ukara geguritan kaperang dadi 10.
1.        Gita Dwigatra (rong larik)
2.       Gita Trigatra (telung larik)
3.       Gita caturgatra (patang larik)
4.       Gita Pancagatra (limang larik)
5.       Gita sadgatra (nem larik)
6.       Gita Saptagatra (pitung larik)
7.       Gita Asthagatra (wolung larik)
8.       Gita Nawagatra (sangang larik)
9.       Gita Soneta (kaya soneta ing bahasa Indonesia)
10.    Syair bebas
Bab kang perlu digatekake
1.        Tema : minangka wosing geguritan (idhe baku)
2.       Diksi : pamilihe tembung
3.       Amanat : pitutur sing sumimpen/sinandhi
4.       Gaya bahasa (fraseologi)
5.       Frasa
6.       Klausa

Geguritan ditulis supaya diwaca wong liya. Ing antarane sing nulis lan sing maca bisaa ana sesambungan batin sing raket lan trep. Kajaba iku basa kang dienggo dadiya panuntun pangangen-angene sing maca, satemah bisa nemu makna sing siningit jroning geguritan iku.
Manut carane mbeber gagasane panganggit, geguritan bisa kapilah dadi
1.        Geguritan kang isine nyritakake (naratif)
2.       Geguritan sing isine pasemon (lirik)
3.       Geguritan sing isine nggambarake (deskriptif)

MACA GEGURITAN
          Maca geguritan minangka perangane apresiasi sastra. Apresiasi geguritan nikelake kagunan pikir, kagunan rasa, kagunan sosial, kagunan pri kamanungsan , kagunan religius. Amarga nyinau geguritan perlu gladhen : pangira-ira, nampa kanthi jujur/bener, olah rasa, nggepok ajaran moral.


Manut Achmad (1990) piwulang sastra bisa :
1.        Nggladhi basa kanthi trampil
2.       Nambahi kawruh bab pengalaman urip, agama, lan kabudayan
3.       Melu nata sampurnane kapribaden
4.       Melu nata sampurnane awak
5.       Nglipur masyarakat

6.       Nambahi wawasaning urip

Tidak ada komentar:

Posting Komentar