Halaman

Rabu, 04 Desember 2013

BUNGAH APA ISIN


Sumiliring angin wengi saka jendhela kamar prasasat gawe Gugun gumregah. Saka omah kang gedhe iku dheweke mung meneng, nggatekake kabeh kang ditampa dening pangrungune. Lamat-lamat keprungu swara angklung lan kendhang kang sigrak lan mantep. Bocah kang kebak rasa pengin ngerti iku mlaku rindhik nalika nglewati kamar bapake, banjur mlayu sipat kuping  marani saka ngendi asal swara mau.
Gunawan utawa sing asring diceluk Gugun dening kanca-kancane kuwi kalebu bocah kang kendel. Sanajan dheweke isih kelas 4 SD nanging kekendelane ngluwihi bocah SMP.  Mula sanajan dheweke metu bengi dhewean ya ora ana rasa wedi.  Nalika tekan pos rondha kampung, dheweke takon marang wong-wong sing lagi jagongan ing kono.
“Lik, swara angklung kae saka ngendi ya lik?” ujar Gugun.
“Lho le, kowe ki cah cilik ngapa bengi-bengi kluyuran dhewean. Apa mengko ora digoleki bapak ibumu?” ujar Lik Supri.
“Halah ndadak kandha bapak barang, mengko aku malah diseneni ta lik,” Gugun ngeyel. 
“Yen kowe pengin ngerti ndang mara ning lapangan cedhak sekolahan kae ,” ujar Lik Sardi. “Ing kana....”
Durung rampung olehe Lik Sardi celathu, bocah kang rada ndhugal iku nuli mlayu klepat tanpa pamit. Wong sing lagi jagongan ing kono mung gedheg–gedheg weruh kelakuane. Ora suwe bocah iku tekan lapangan. Sanajan  mung dipadhangi dening lampu neon siji nanging lapangan iku tetep regeng amarga akeh wong lan wayah iku uga padhang bulan. Gugun ora langsung nyedhak nanging milih mblusuk ing godhong teteyan kang ngrembuyung. Saka  kono dheweke bisa weruh apa kang lagi dilakoni dening wong-wong mau.
Gugun ora sadhar menawa satemene dheweke digatekake dening sawijining pawongan rada sepuh kang ana ing lapangan kuwi. Nganti suwe Gugun ndhelik ana kono dumadakan pawongan mau nyedhak. Gugun wedi menawa dheweke dicubriyani duwe niyat ala. Nalika pawongan mau wis cedhak grumbulan godhong, Gugun tansaya ndhelik.
“Ndang metuwa le,” kandhane pawongan mau.
Sanajan bapak sepuh iku mbaleni ukarane, Gugun panggah ora gelem metu saka papan pandhelikane.
“Yen kowe ora gelem metu, aja nyalahke aku yen sing nunggu papan iki bakal nututi kowe terus lan kowe bakal nemahi apes selawase, “ swarane bapak iku wiwit seru lan kereng.
Wusanane Gugun metu kanthi rai abang, mratandhani menawa dheweke pancen keweden. Nalika ngadeg ing ngarepe pawongan iku, Gugun ndredheg lan mung ndhungkluk.
“Wis le, ora susah wedi, aku mung medeni kowe supaya enggal metu, jan-jane kowe ki sapa lan geneya ndhelik ing kene? Kenangapa ora nonton saka cedhak wae?” Bapak iku grapyak anggone takon marang Gugun.
“Maap..ee..ngapunten pak, aku Gugun, putrane Pak Wahono, kang isih anyar ing desa kene. Aku....e... kula penasaran marang swara angklung niku. Jan-jane ana..eh..wonten napa Pak?” ujare Gugun kang wiwit ilang rasa wedine kanthi basa sanajan basane pating plethot.
“ Luwih becik ayo melu aku le, “ bapak mau mlaku dhisik lan ditutna dening Gugun.
Satekane ing pojoking lapangan sisih kulon, Gugun lan bapak mau nonton ing dheretan wong-wong kang nggamel. Gugun ngematke kanthi premati kabeh kahanan ing kono. Ana sing ngangklung, ngendhang, ngedrum, ngegong, lan ana nom-noman pitu kang lagi jejogedan ing ngarepe. Suwe-suwe Gugun wiwit kegawa marang swasana iku. Dumadakan bebarengan karo swara angklung kang saya seru lan cepet, ana sawijining wong kang ngglebag tiba sajak kesurupan. Bapak sepuh  kang asring diceluk Mbah Karto mau enggal nandangi supaya nom-noman iku enggal mari. Kanthi sigap Mbah Karto mancing supaya nom-noman iku nyedhak ing kendhang. Sawise kasil nyedhak, Mbah Karto  ngupaya kareben dhanyang kang mlebu bisa metu saka badan nom-noman iku. Ora suwe binareng swaraning angklung kang gumanti lirih, sakabehe mbalik kaya wiwitan.
Saben prastawa iku digatekake dening Gugun kanthi premati. Sawise ngrampungake ayahane Mbah Karto ngakon putrane  mbacutake anggone ngampu latian. Bapak iku nyedhaki Gugun kang isih asyik nonton.
“ Kesenian iki jenenge jaranan. Ing tlatah liya ana sing  ngarani jathilan, ebeg, kepang poor, lan liya-liyane. Apa kowe pengin sinau kesenian iki le?”
“Nggih Pak. Rasane awak niki pengin ndang obah kaya mas-mase kae,” wangsulane Gugun manteb.
“Aja mbok undang Pak. Aku ki wis tuwa, kangmas-kangmasmu kae nyeluk aku Mbah Karto. Ing kene ora mung sinau njoged thok le, nanging uga sinau babagan rasa, rasa marang liyan. Oh ya, aku nembe kelingan. Apa kowe metu bengi iki wis pamit marang wong tuwamu le?”
Gugun mung meneng. Sajake Mbah Karto ngerti kahanan kang dikuwatirake Gugun. Mula Mbah Karto banjur ngakon Gugun enggal bali amarga saya bengi. Wusanane Gugun diterake Mbah Karto bali menyang omahe. Sadawane dalan Gugun bola-bali takon ngenani bab kesenian mau. Mbah Karto ora kesel anggone mangsuli pitakone Gugun. Mbah Karto ngrumangsani yen bocah iku nduweni krenteg kanggo nyinaoni kesenian iku.
            Mbah Karto mung ngeterke Gugun tekan pager omah thok banjur mbalik menyang lapangan maneh. Ewadene Gugun mlebu kanthi rindhik kadidene maling arep mlebu omah. Wektu iku mung lampu ngarep thok sing isih padhang amarga wayah iku wis ngancik tengah wengi. Pranyata lawang ngarep ora dikunci. Sanajan rada gumun Gugun banjur mbludhus mlebu omah. Tekan ruang tamu dumadakan, byar.....ruwang tamu dadi padhang. Gugun kedandapan weruh bapak ibune  kang ngonangi dheweke bali bengi.
“ Saka ngendi Gun!” sentak bapake.
Gugun ora mangsuli. Dheweke malah arep lunga mlebu kamar. Nanging ibune ngelingake kanthi sareh.
“Gun, lungguha dhisik. Bapak ibu arep matur. Mbok ya ngurmati bapak sithik ta le.”
Dhasar Gugun rada nurut karo ibune, bocah iku nuli lungguh ana ing kursi tamu. Bapak ibune banjur nyedhak nakoni dheweke. Gugun milih ndhungkluk, wegah adhep-adhepan netra karo bapake.
“ Jal ibu tak takon. Saka ngendi kowe Gun?”
Gugun mung meneng karo dolanan taplak meja ing ngarepe.
“Bocah ora urus. Bengi-bengi kluyuran kaya ngono. Arep dadi apa kowe Gun!” bapake duka.
“ Arep dadi Seniman Pak e,” wangsulane Gugun mung asal nyeplos bae.
Polahe Gugun mau gawe Pak Wahono tambah duka.
“Lha wong malem minggu ya malem mingguan ta Pak. Masa saben dina kon sinauuu wae. Ngadhepi buku, ngadhepi laptop, halah jan bosen. Mendhing metu sisan, “ Gugun nyoba ngeles.
“ Dadi bengi iki kowe ora sinau? Apik ya, dakbelani golek dhuwit rekasa wiwit biyen nganti saiki bapakmu dadi pegawe kecamatan malah kowe enak-enakan kluyuran. Sapa sing ngejak kowe hah? Kancamu sing wingi rene kae? Cah urakan kaya ngono kok didadekake kanca. Wis urakan, ra cetha,mbok ya golek kanca ki sing sugih, sing pinter, sing begja, sing.....”
“Sing kekancan rak aku dhewe, dudu bapak. Ya karepku dhewe ta.”
“Kowe ngeyel karo bapakmu iki hah!” Pak Wahono tambah duka. Nanging Gugun ora wedi, kaya ora ngrungokake bapake malah asyik dhewe dolanan Blackberry ne.
“ Uwis Pak, bocahe dhewe aja dikasari, mbokmenawa bapak sing kudu bisa ngerti anakmu iki,” ibu ngalahi.
“Kaya ngono yen anak bola-bali dibelani mbokne. Ya dadi bocah kang kurang subasita!” bapak nuli lunga klepat menyang kamare.
Ibu mung gedheg-gedheg weruh kahanan iki.
“Jan jane kowe saka ngendi le, kluyuran nganti bali tengah wengi. Ibu  kok ora ngerti kapan lungamu, “ kandhane ibu sareh.
“ Yen aku kandha satemene ibu janji ora bakal duka ya.”
“Iya le.”
Gugun nyritakake kabeh kang dilakoni mau, wiwit sebabe lunga nganti bali saka lapangan. Nalika rampung, ibune mung mesem. Gugun gumun.
 “ Jebul kaya ngono ta le. Dakkira kluyuran ra genah aneng ngendi. Mbok ya mau blaka wae karo bapak.”
“Aku wegah rembugan karo bapak Bu. Suwe-suwe marai esmosi. Ibu wis kenal karo Mbah Karto?”
“Mbah Karto kuwi wong sing bola-bali nulungi ibu nalika ibu sepisanan ing desa iki. Lha daleme wae mung kulon dalan kuwi kok le,” ibu mesem.
“ Walah, ngono ta. Dadi ibu marengke yen aku sinau jaranan ta bu?”
“Iya, nanging aja lali anggonmu sinau. Satemene ibu ora sreg karo carane bapakmu ngatur anggonmu sinau. Mula gunakna kalodhangan iki kanggo srawung lan sinau bab apa wae kang becik ing njaba kana.”
“Oke bu. Matur nuwun.”
Wiwit iku Gugun miwiti sinau seni jaranan marang Mbah Karto. Saben malem minggu lan malem kemis dheweke mesthi mara melu latian ing lapangan bareng rombongan kesenian “Turangga Mudha” pimpinan Pak Kardi, putrane Mbah Karto. Kadhangkala ibune melu ngancani latian, yen ora Gugun mesthi dikancani kancane kang uga melu nggamel ing rombongan kesenian iku. Dhasar Gugun bocah kang seneng seni lan duwe niyat kang gedhe supaya enggal bisa, sedhela wae dheweke bisa nguwasani gerakan tari. Ing kene Gugun ora mung diwarai olah raga nanging uga olah rasa, kepiye carane mapanake dhiri ing satengahing masyarakat, kepiye srawung lan ngurmati wong liya, sarta piwulang bebrayan liyane. Ibune melu seneng amarga saploke melu sinau seni, solah bawane Gugun wiwit owah. Dheweke wiwit alus bebudene, wiwit nyoba nggunakake krama marang wongtuwane, ngowahi tumindake kang asring nyleneh lan kurang subasita. Sanajan ora wektune latian, Gugun lan kanca-kancane asring dolan menyang daleme Mbah Karto saperlu latian dhewe, embuh kuwi mung dolanan kendhang, angklung, apa mung njoged sakarepe.
Sawijining dina kelompok kesenian iku entuk job ing pahargyan kagungane Pak Lurah. Gugun dikon melu pentas ing kono. Gandheng wis cepak karo dina pahargyan mula latian uga dipadhetake. Rong dina pisan mesthi latian. Kamangka saben latian baline mesthi tengah wengi. Supaya ora dicubriyani dening bapake, olehe mangkat latian mesthi nunggu jam 9 bengi, sawise dheweke sinau. Yen bali Gugun mesthi diterake dening Mbah Karto.
Saya suwe Pak Wahono cubriya marang kelakuwane Gugun dene saben jam 9 wengi wis ra ana swarane. Nanging saya suwe ora digagas merga ibune mesthi kandha yen anake lagi sinau.
Let rong minggu, dina kang ditunggu Gugun teka. Ibune Gugun uga kesdu ngrewangi macaki para paraga. Kabeh paraga wus siyaga nganggo sandhangan pentas, kalebu Gugun. Sawise disumanggakake dening pranatacara pahargyan, kelompok Jaranan iku mamerake kaprigelan anggone olah kridha beksan jaranan. Gugun katon energic anggone njoged, kepara malah ngluwihi paraga liyane. Para tamu kang mirsani padha gumun weruh polahe Gugun. Udakara setengah jam pamangku gati karawuhan rombongan tamu saka kecamatan. Ing kono katon Pak Wahono kang melu rombongan iku. Sawise padha salaman para tamu iku diaturi kembul bujana sinambi mirsani hiburan jaranan. Bareng wis padha lenggahan, Pak Wahono kaget nalika weruh anake melu jejogedan ing kono. Batine campur adhuk ora karuan. Isin menawa ana kancane kang ngerti perkara iku. Jebul kancane sing jenenge Pak Imron dumadakan celathu.
“Lho, bocah sing paling cilik kae rak putrane Pak Wahono. Rak nggih ta?”
Krungu ukara kasebut Pak Wahono nuli mara ing plataran pentas jaranan lan langsung nyekel tangane Gugun nuli digawa mblusuk ing ruwang njero papan ganti. Ing kono Gugun diseneni entek-entekan dening Pak Wahono. Mbah Karto kang lagi ngaso ing kono uga katut kena semprot Pak Wahono. Gugun mung bisa nangis. Dumadakan ibune Gugun teka.
“ Bapak apa ora isin tumindak kaya ngono ing ngarepe wong akeh?”
“ Aku ora bakal tumindak kaya ngene yen polahe anakmu ora kaya ngene. Raiku arep diseleh ing ngendi yen kanca-kancaku padha ngerti. Aku isin bu... isin yen...
“Yen anakmu dadi kembang lambe. Anak pegawe malah begajigan ngono Pak. Mbok menawa tumrap panjenengan ngisin-isini, nanging ora tumrapku. Aku malah mongkog duwe anak kaya Gugun kang bisa sinau marang kahanan. Panjenengan bisa mbandhingake kaya ngapa Gugun sing biyen lan Gugun saploke kedadeyan ing tengah wengi kae. Kanthi sinau seni Gugun bisa owah dadi bocah kang luwih becik. Kabeh kuwi aja mung dideleng sakeplasan nanging saka wosing piwulang ing sawijining tumindak Pak. Wis mangga kersa bapak arep piye, nanging sing baku ibu tetep nglilani Gugun sinau seni iki!” teges ibu.
Bareng Bu Wahono duka, Pak Wahono langsung lunga tlenyet tanpa omong. Pasuryane mratandhani yen dheweke bubar duka. Bareng wus kumpul bareng rombongan tamu mau, pasuryane digawe netral maneh.
“Njenengan kok ora tau crita yen anakmu duwe kaprigelan seni Pak. Gumun aku. Apik iku Pak, kudu didhukung. Iku jenenge nguri-uri kabudayan,” ujar Pak Imron.
“Bocah yen wiwit cilik dilatih seni, mbesuke gampang diwasa wiwit saka pikir lan solah bawane ing masyarakat. Sip tenan anggonmu ndhidhik anak Pak, anakku wae sing tak kon sinau beksan, e... malah mlayune ning dance. Judheg aku, ning ya piye maneh. Begjamu duwe anak kaya ngono Pak,” ujar Pak Kus.

Para tamu iku padha ngalembana marang Gugun, sajake kepincut marang kawasisane. Apa maneh bareng Gugun metu bareng paraga liyane, jogedane Gugun nyasmitakake menawa dheweke arep nuduhake yen dheweke ora  bakal ngisin-ngisinake bapake. Kabeh padha gumun, kalebu Pak Wahono dhewe. Suwe-suwe Pak Wahono ngrumangsani yen kabeh tumindake marang Gugun iku salah. Dheweke sadhar menawa kabeh sing dikandhakake ibune Gugun lan kanca-kancane iku bener. Luh kang netes saka netrane Pak Wahono ing awan iku dadi seksi trenyuhing ati sawijining wong tuwa kang mongkog marang olah kridhane kang putra. Batine nywara, bungah apa isin? Mung dheweke kang bisa ngrasakake. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar