KADANG-KADANGKU PADHA
TUMENGA
dening : Herry Abdi Gusti
Dinane iki
daksawang kanthi premana
saka kadohan malah
dene cedhakan
tan beda ing
sakawit panyangka
jer wus katiti
mangkene kasunyatan
kadang-kadangku padha
tumenga
Ana kang tumenga
mandhuwur
utawa ndhangak yen
lumrahe
nyawang langit
kumelap katon cedhak
kaya kuwawa
nggayuh tanpa kangelan
daya-daya kasembadan
wosing kekarepan
lintang lan
rembulan karayuk sakukuban
Ana kang tumenga
manengen
utawa kagiwang arane
maruk kuwasa arta
lan wanita
prabawa rinasa
gampang tumeka
ora saka luhuring
pakarti lan dharma
urip kudune eling
marang sasama
ana kang tumenga
mangiwa
utawa keblinger jenenge
ora madhep mring
kang agawe luwih
mangan tirakat kanthi
kahanan murwat
tan nggape wanci kudune sumuyud
mring kang darbe sakabehe kamulyan
ana kang tumenga mangisor
utawa tumungkul yen mesthine
ora nggetuni tumindak kang nalisir
nanging pangece marang sangisore
ngiwi-iwi patrap pamer dadi
lumrah
ngungal
dhadha nilap tepa slira
Tidak ada komentar:
Posting Komentar