Cecak
Kewan cilik
kang ora dinyana-nyana tekane kuwi asring gawe bingunge wong. Embuh merga tekane
kang ndadak utawa polahe kang gawe sumelang. Sing dakbingungake maneh, para
sesepuh kalebu simbahku padha ngelingi gugon tuhon kang mratelakake yen wong
bakal entuk apes menawa dheweke ketiban cecak. Nanging aku ora percaya marang
bab kuwi. Sejatine gugon tuhon menehi pituduh ing samubarang perkara. Nanging
rumangsaku ora kabeh gugon tuhon bisa dinalar. Tuladhane gugon tuhon mau kuwi.
Perkara mau
wis tau daktakokake marang simbah. Wangsulane simbah ora ndadekake mareme
atiku. Pungkasane malah aku sing didukani bapak. Bapak ngendika mangkene,” Wis
ta ndhuk, aja ngeyel karo simbahmu. Kuwi waleran wiwit jaman biyen. Yen kowe
ngeyel ora begja malah kowe sing ketiban apes.” Aku mung meneng karo ngampet
rasa sebel.
Pancen
kanggone wong kang percaya marang gugon tuhon mau padatan bisa kedadeyan. Aku
isih kelingan kedadeyan ing sekolah nalika kancaku sing jenenge Jamal
girab-girab ketiban cecak. Dheweke wedi banget amarga percaya yen bakal kena
apes. Pungkasane sawise kedadeyan iku Jamal pancen ketiban apes, wiwit saka ban
pit kang bocor, kecipratan banyu ing dalan, kelangan dhuwit, banjur didukani
ibune. Aku ra maido, apa sing dikuwatirake Jamal pancen kedadeyan, awit saka
rasa percayane marang gugon tuhon kuwi.
Lha, nanging
aku isih percaya yen satemene kabeh mau gumantung karo kapercayane saben wong.
Yen percaya bakal kelakon, ora percaya ya ora kelakon. Kanggone wong kang
rangu-rangu, bisa uga malah kelakon tenan. Bab iki wis dakbuktekake manut
kedadeyan kang dumadi pirang dina kepungkur.
Sore iku aku
lan kulawarga padha jagongan ing emper omah sinambi ngawasi Cici kang lagi
dolanan ing plataran karo kanca-kancane. Lagi gayeng anggone padha guneman
dumadakan ibu njerit. Kabeh padha kaget.
“Ana apa bu?”
ujar bapak.
“Iku Pak,
coba bapak pirsanana gegere Suci.”
Sanalika
bapak kaget lan langsung nggeret awakku, nuli njupuk sapu sada ing sandhinge. Aku
gumun.
“Lha ....Pak,
kersane pripun kok ndadak ngagem sapu sada barang?”
“Wis menenga
dhisik. Awakmu anteng aja obah dhisik.”
Mak prekk...
aku njenggirat kaget. Sapu iku kasil ndheplok gegerku.
“Galo... wes
mlayu kae. Walah ndhuk, cilaka. Kowe kudu siap ngadhepi pacoban.”
“Lha, wonten
menapa ta Pak? Ampun ndadosaken kula bingung.”
“Kowe ki
nembe ketiban cecak. Jare simbah, ketiban cecak kuwi pratandha yen arep ketiban
apes.”
Aku mung
ngguyu.
“Halah, boten
usah dipenggalih Pak. Wong cecake wau nggih boten sengaja tiba. Mbok menawi
pengen tiba teng gegere Suci. Niku rak namung gugon tuhon.”
“Aja
nyepelekke Ci. Ra apik. Wis pokoke kudu siaga ngadhepi bebaya apes kang
dikuwatirake.”
Aku mesem
thok. Sajake bapak lan ibu wis kadhung percaya marang gugon tuhon sing ujarku
ra nalar kuwi. Nanging aku ndableg wae. Percaya ra percaya, ra perduli.
Dina sawise,
ibu banjur gawe slametan tolak bala lan nyamaptakake sajen kareben kaluwarga ora
ketiban apes. Ora lali bapak saben wektu mesthi ngelingake aku. Simbah putri
nyeluk aku supaya nyedhak, nuli maca donga apa japa mantra sing ora
dakngerteni. Sejatine aku ngampet ngguyu nanging ora wani merga ing ngarepe
simbah. Ya mung nurut wae apa kang dilakoni dening bapak ibu lan simbah kang
banget wigati mring aku.
Bareng
dakpikir, apa bener gugon tuhon iku dadi kanyatan tumrap wong kang ora percaya?
Aku kudu muji syukur dene tekan saiki
isih pinaringan karahayon dening Gusti. Piye carane aku kudu ngelingake
kaluwargaku yen satemene gugon tuhon
kudu ditrepake karo nalar? Sauntara wektu aku mikir. Ora suwe aku mesem sawise
nemokake reka daya kang bakal daklakoni.
Isuke, nalika
padha kumpul ing meja mangan, aku ngecakake rencanaku. Saben isuk padatan yen
ing meja mangan disambi guneman lan guyonan. Nanging wektu kuwi aku sengaja
meneng. Bubar mangan, bapak gumun geneya aku beda karo padatan. Nanging aku ora
mangsuli. Dumadakan aku ambruk lan tiba ing jobin. Kabeh padha gupuh nulungi.
Udakara 3 menit aku sadhar kanthi ethok-ethok kesurupan. Bapak bola-bali nakoni
nanging aku puguh meneng kanthi mripat kosong.
“Ndhuk, eling
ndhuk. Nyebut asmane Gusti.”
“Ci, enggala
sadhar. Iki ibu, bapak, Cici, lan simbah ana ing sandhingmu.”
“Lunga....ndang
lunga saka putuku Suci. Iki dudu panggonanmu.”
Ing batin aku
ngguyu kemekelan. Aku banjur ngomong kanthi swara kang dakgawe gedhe.
“Aku gelem
metu yen kowe kabeh ngendhekake kabeh kang wis dilakoni mung merga cecak kang
tiba. Ora ana barang sajen, ora ana japa mantra. Kuwi kabeh ngganggu lakuku.”
“Inggih,
inggih.....pun sedaya manut pun.”
“Siji maneh.
Aja banget- banget nggugu gugon tuhon wong biyen. Kudu dinalar becik apa orane.
Cecak kok dipikir. Wis aku daklunga. ”
“Inggih....inggih...ingkang
wigati Suci saged mbalik normal malih.”
Aku nuli ambruk
tanpa daya ing pangkone ibu.
Aku nuli ambruk
tanpa daya ing pangkone ibu. Ora suwe mripat iki banjur melek lan nggatekake
kabeh ing sakupengku. Keprungu swarane bapak kang ngucap hamdalah lan simbah
kang dheleg-dheleg kanthi ngucap sukur.
Sawise
kedadeyan iku, kabeh kulawargaku banjur padha eling yen kudu milah endi perkara
kang nduweni piguna lan endi sing akeh mudharate. Sing dakbingungke, rong wulan
sawise aku kasil ketampa dadi pegawe negri lan mulang ing sekolah favorit. Iki
mbuktekake menawa apesku dadi begja. Mbok menawa ora mung bapak ibu wae kang
seneng, nanging cecak kang nibani dhek winganane uga melu seneng amarga ora
sida dadi pihak kang gawe apese wong.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar