Ing jagading sastra ana unen-unen kang werna-werna lan
cacahe akeh, kayata geguritan, macapat, paribasan, bebasan, saloka,
purwakanthi, pralambang, panyandra, isbat, crita, parikan lan wangsalan,
minangka saperangan karya kang asring kesrambah ing paguneman padinan, pagelaan
seni kethoprak, ludruk sandiwara, gendhing-gendhing dolanan utawa dhagelan.
1.
Paribasan
Yaiku ukara wantah
ora sinamun ing upama, tembung-tembunge ora bisa diowahi.
Tuladha:
-
becik ketitik ala ketara (bakal
cetha endi kang bener lan endi kang luput)
-
didhadhunga medhot, dipalangana
mlumpat (kekarepan kang ora bisa diendhakake)
2. Bebasan
yaiku unen-unen
gumathok, ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan. Kang diupamakake sifat,
tindak-tanduk, utawa kahanane wong.
Tuladha:
-
ancik-ancik pucuking ri (wong
kang tansah duwe rasa sumelang)
-
dudu berase ditempurake (urun
rembug nanging ora selaras karo sing dirembug)
3. Saloka
Yaiku unen-unen gumathok, ajeg panganggone ngemu surasa
pepindhan. Kang dipindhakake wonge. Tembung kang isi pepindhan (barange)
dumunung ing ngarep.
Tuladha:
-
asu gedhe menang kerahe ( wong
gedhe yen prekaran karo wong cilik lumrahe wong cilik dimenangake)
-
bathok bolu isi madu (wong asor
nanging pinter)
-
kekudhung walulang macan
(nganggo asmane wong duwe panguwasa kanggo ngapusi)
-
kebo ilang tombok kandhang
(kelangan ragad kanggo barang kang ilang , ora ketemu, malah ngentekake luwih
akeh)
4. Purwakanthi
Wujude unen-unen
mawa swara kang runtut. Yen dipilah purwakanthi ana 3 yaiku:
a.
Purwakanthi
swara (swara kang dibolan-baleni)
Tuladha
: - eman –eman ora keduman (swara a)
§
gemi nastiti ngati-ati (i)
b.
Purwakanthi
sastra (aksara kang dibolan-baleni )
Tuladha : kemba-kemba, kumembeng tan malbeng budi (b)
c.
Purwakanthi
Tuladha: amrih bisa, bisa maca, maca sastra, sastra
Jawa
5.
Pralambang
Yaiku unen-unen
pangriptane pujangga kanggo nyritakake kahanane praja, ratu utawa jaman,
sinamun ing pasemon.
Tuladha :
-
Ganda kentir, semune liman
pepeka (Pajajaran)
-
Panji loro semune Pajang-
Mataram (P.B.III. I Ngayogyakarta)
6.
Panyandra
Yaiku unen-unen kang
nggambarake kahanan sarana pepindhan. Kang dicandra apike rupa, kahanan, wong
ngombe, negara, lsp.
Tuladha :
-
Lambehane merak kesimpir
-
Rekmane memak ngembang bakung
7.
Isbat
Yaiku kanggo
pepindhan ngelmu gaib. Dene ngelmu mau salah sijine teori lan konsep bab
samubarang, nanging ora dikantheni bukti kang nalar lan ora bisa dibuktekake
kanthi rasional.
Tuladha :
“sejatine ora ana apa-apa, sakehing kawujudan, rerupan, wewarnan, lan pasebudan, iku dudu sejati lan dudu Panusmaning Pangeran. Dene kang kadunungan panguwasa lan kamulyan ing samubarang kabeh iku muhung Ingsun (Gusti Allah)”
“sejatine ora ana apa-apa, sakehing kawujudan, rerupan, wewarnan, lan pasebudan, iku dudu sejati lan dudu Panusmaning Pangeran. Dene kang kadunungan panguwasa lan kamulyan ing samubarang kabeh iku muhung Ingsun (Gusti Allah)”
Wewarah kang nyata
iku nuduhake kahananing Pangeran kang dibasakake kanthi samaran, tanpa rupa,
tanpa swara, dede jaler, dede estri, lan dede wandu, tanpa prenah, tanpa
enggon, dinulu boten ketingal , dinumuk tanpa kantenan.
Lumrahe wewarah mau
karacik katata awujud kekidungan upamane kaya Kidung Darmawedha, Serat Saloka
Jati, lsp.
8.
Crita
Crita dipilah dadi
papat;
a.
Epik
(crita wantah) tuladhane : Panji Hangreni, Baron Sekeber, Pranacitra.
Kajaba iku ana uga
crita wantah kang diarani:u
1)
Fabel
(crita kewan), upamane Serat Kancil karangane Amongsastra, Kamandaka,
2)
Legendha
(crita kang kaanggep nyata, nanging sejatine ora, digathukake karo kedadeyan
panggonan, kali, pusaka, lsp) . Tuladhane Rawa Pening, Tagkuban Prau, lsp.
3)
Mite
(crita kang digathukake karo dewa-dewa), crita kapercayan bab panggonan,
gunung-gunung ing Tanah Jawa, grahana srengenge lan bulan.
b.
Lirik
Crita kang
bebarengan utawa kaperbawan rasa subjektif, tegese adhedhasar rasa utawa
pamikire pangripta. Tembung liya, crita kang ngemot rasa sengsem marang agama,
kaendahaning alam, katresnan marang bumi kelairane, lsp.
Tuladha :
-
Serat Kalatidha : R. Ng.
Ranggawarsita
-
Wicana Keras : R. Ng. Yasadipura
II
-
Kekesahan Dhateng Nagari Walandi
: R.M. H. Suryasuparto (M.N. VII)
c.
Didaktik
Yaiku serat-serat
kang isine piwulang.
Tuladha :
- Arjuna Wiwaha : Mpu Kanwa
- Serat Pepati : Ki
Ageng Sela
- Serat Dewa Ruci : Yasadipura I
d. Dramatik
(crita paguneman) , ana 3 :
-
Komedi (lelucon)
-
Tragedi (nrenyuhake)
-
Tragedi-komedi (nrenyuhake ning
ya lucu)
9. Parikan
Yaiku unen-unen
nganggo purwaka lan wos. Swara ing pungkasane larik selang-seling runtut.
Tuladha :
a.
Omah gendheng tak saponane
Abot entheng tak lakonane
b.
Suru, godhong ringin, ager-ager
cilik-cilik.
Tiru yen kepengin, angger tumuju kang becik
10. Wangsalan
Yaiku unen-unen
memper cangkriman, dene batangane wis kesrapat ana kono kaperang dadi :
a.
Wangsalan
lamba
Tuladha :
- jalak pita , dak
gadhang mangsa wurunga.
- sarung jagung, abot entheng wani tanggung.
b.
wangsalan
Padinan
tuladha : klakon ngemut uyah dheweke, kisinan
c.
wangsalan
Rangkep
-
Jenang sela, wader kali
sesondheran.
Apuranta yen wonten lepat kawula.
-
Sayuk karya, wolung widho mangsa
rowang.
Sayektine awit saking bodho kawula.
d.
Wangsalan
Tembang
Tuladha tembang Maskumambang:
Pisang lesah
Patih nagri Maespati
Sedalu wandengwang
Peksi kresna roning aji
Ngakak-akak datan nendra
Tidak ada komentar:
Posting Komentar