Aksara
hanacaraka iku sarupaning aksara sing kaanggo ing Tanah Jawa lan saubenge
kayata Madura, Bali, Lombok, lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga
diarani aksara Jawa nanging sejatine ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku
warnane akeh, saliyane iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa wae.
Aksara iki uga dienggo nulis basa Sanskerta, basa Arab, basa Bli, basa Madura,
basa Sasak, lan uga basa Melayu.
Aksara
Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida
utawa hibrida antara aksara silabik
lan aksara alphabet. Aksara silabik iki
tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu
kulawarga aksara Brahmi sing asale saka Tanah Hindustan. Yen bentuke aksara
Hanacaraka ana wis kaya saiki wiwit minimal abad kaping 17. Jeneng aksara iki
dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan sing unine “hanacaraka”. Urutan
dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh
fonem basa Jawa.
Urutan aksara
iki kaya mangkene
Ha Na Ca Ra Ka
Da Ta Sa Wa La
Pa Dha Ja Ya Nya
Ma Ga Ba Tha Nga
Urutan bisa
diwaca dadi ukara-ukara:
Hanacaraka tegese ana utusan
Datasawala tegese padha garejegan
Padha jayanya tegese padha digdayane
Maga bathanga tegese padha dadi bathang
Urutan ukara iki
digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Ajisaka saka Tanah
Hindhustan menyang Tanah Jawa. Ajisaka banjur ngarang urutan aksara kaya
mangkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya ganti pati. Dora lan
Sembada. Lorone mati amarga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Ajisaka
banjur ngripta aksara Hanacaraka supaya
bisa kanggo nulis layang.
Ing Indhia iku
akeh rupa-rupaning aksara. Salah sawijining aksara kang wigati yaiku aksara
Pallawa saka Indhia sisih kidul. Akara iki inaranan mangkene miturut jeneng
salah siji karaton ing Indhia kidul yaiku Kerajaan Pallawa.
Aksara Pallawa
iki digunakake ing kiwa tengene abad kaping 4 Masehi. Ing Nusantara patilasan
sejarah arupa prasasti Yupa saka Kutai, KalimantanWetan tinulis nganggo aksara
Pallawa. Aksara Pallawa iki dadi babone kabeh aksara Nuswantara, antarane
aksara Hanacaraka uga aksara Rencong (aksara Kaganga), Suratb Batak, aksara
Makassar, lan aksara Baybayin (aksarane saka Filipina).
Profesor J.G. de
Casparis, yaiku pakar paleografi utawa ahli ngelmu sejarah aksara misuwur saka
Walanda merang sejarah tuwuhing aksara Hanacaraka ing limang mangsa utama :
1.
Aksara Pallawa
2. Aksara Kawi
Wiwitan
3. Aksara Kawi
Pungkasan
4. Aksara Majapait
5. Aksara Pasca-
Majapait utawa Hanacaraka
1.
Aksara Pallawa
Aksara iki
digunakake ing Nuswantara saka abad kaping papat nganti kurang luwih abad
kaping 8. Banjur aksara Kawi Wiwitan dienggo saka abad kaping 8 nganti abad
kaping 10 utamane ing Jawa Tengah. Aksara Kawi Pungkasan digunakake sawise abad
kaping 10 nganti kira-kira abad kaping 13 ing Jawa Wetan. Banjur aksara
Majapait digunakake ing Jawa Wetan nalika jaman Majapait. Sawise Kerajaan
Majapait binedhah, muncul aksara Hanacaraka modhern sing uga kerep diarani
aksara Jawa. Aksara iki banjur dadi kanggo ing saubenging Tanah Jawa, Tatar
Sundha, Bali, Madura. Kabeh aksara iki dadi sakelompok lan isih sakerabat.
Nanging sejatine uga ana aksara liyane ing tanah Jawa sing luwih lawas lan isih
dienggo. Aksara iki jenenge aksara Buda.
Aksara
Hanacaraka banjur dening wong-wong Eropa digawekake versi aksara cethak ing
abad kaping 19. Aksara Pallawa iku asale saka Indhia sisih kidul. Jenis aksara
iki digunakake ing kiwa tengene abad kaping 4 lan kaping 5. Bukti kapisan
panganggone jinis aksara iki ing Nuswantara ditemokake ing pulo Kalimantan sisih
wetan ing cedhak tlatah sing saiki diarani Kutai. Banjur aksara iki uga
digunakake ing pulo Jawa ing Tatar Sundha ing prasastine Tarumanegara sing
katulis ing kiwa tengene taun 450. Ing tanah Jawa dhewe aksara iki kagunakake
ing Prasasti Tuk Mas lan Prasasti Canggal. Yen dideleng aksara Pallawa wujude
makothak-kothak.banjur meh kabeh aksara tinulis nganggo apa kang kasebut mawa
istilah serif. Serif-e tinulis ing sisih kiwa. Sanadyan aksara Pallawa wis
ditepangi ing Nuswantara wiwit abad kaping 4, nanging basa Nuswantara asli
durung ana kang katulis ing aksara iki.
2. Aksara Kawi Wiwitan
Bedane aksara
Kawi Wiwitan karo aksara Pallawa iki utamane gayane. Aksara Pallawa iku ketara
yen sawijining aksara monumental sing kanggo nulis ing watu. Aksara Kawi Wiwitan
katone utamane aksara sing kanggo nulis ing rontal lan mulane bentuke dadi
luwih kursif. Aksara Kawi Wiwitan digunakake taun 750-925. Prasasti-prasasti
kang katulis ing aksara Kawi Wiwitan cacahe akeh, kurang luwih 1/3 saka kabeh
prasasti sing ditemokake ing pulo Jawa. Ing Tanah Jawa aksara iki paling tuwa
ditemokake ing Prasasti Plumpungan (cedhak Salatiga) sing kurang luwih ditulis
ing taun 750. Prasasti iki isih ditulis ing basa Sansekerta.
3. Aksara Kawi Pungkasan
Udakara taun
925, pusat kakuwasaning ing pulo Jawa dadi pindhah ing Jawa Wetan. Pangalihan
kakuwasan iki udakara taun 925-1250. Sajatine aksara Kawi Pungkasan ora beda
akeh ing wujude karo aksara Kawi Wiwitan, mung gayane wae sing dadi rada seje.
Ing sisi liya, gaya aksara sing kanggo ing Jawa Wetan sadurunge taun 925 uga
wis beda karo gaya ing Jawa Tengah. Dadi
katon bedane iki ora amung prabedan ing wektu wae nanging uga ing papan.
Ing mangsa iki
bisa dibedakake patang gaya aksara sing beda-beda:
1.
Aksara Kawi Jawa Wetanan saka taun 910-950.
2. Aksara Kawi Jawa
Wetanan saka jaman Prabu Airlangga (1019-1042)
3. Aksara Kawi Jawa
Wetanan Kedhiri (kurang luwih 1100-1220)
4. Aksara tegak
(quadrate script) isih saka mangsa Kedhiri (1050-1220)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar