Halaman

Minggu, 29 Desember 2013

LAHIRE BIMA BUNGKUS




Jejer Ngastina
Prabu Pandhu ngutus Patih Gandamana supaya ngaturi Resi Abiyasa rawuh ing Ngastina saperlu mbiyantu Dewi Kunthi nglairake . Patih Gandamana  nuli budhal.
Ing Mandrapura, PrabuTriyata arep males sedane     ingkang rama yaiku Prabu Trigarda kang seda dening Prabu Pandhu. Prabu Triyata dhawuh supaya nyiapake wadya bala banjur budhal menyang Ngastina. Ing dalan kepapag wadya bala Ngastina banjur dadi perang.
Ing pertapan Wukir Retawu, Patih Gandamana  ngaturi Resi Abiyasa rawuh ing Ngastina. Patih Gandamana didhawuhi menyang Ngastina dhisik. Resi Abiyasa dhawuh marang Widura supaya ndherekake Sang Resi. Ing tengah alas Widura kepapag para raseksa saka Mandrapura banjur padha perang.
Nalika Resi Abiyasa lan Widura rawuh ing Ngastina, dumadakan ana parekan kadipaten kang matur menawa Dewi Gandari krasa arep nglairake. Resi kaaturan rawuh ing kadipaten Gajahoya saperlu mbiyantu Dewi Gendari. Nalika Res wis tekan kadipaten, Dewi Gendari wis nglairake. Nanging dudu bayi, wujude daging tengkelan. Resi Abiyasa banjur ngruwat saengga dadi bayi telu, lanang loro, wadon siji. Sing mbarep kaparingan jeneng Duryudana, panenggake Dursasana, lan sing wadon Dursilawati. Dumadakan ana utusan Ngastina teka, ngaturi Sang Resi enggal rawuh ing Ngastina amarga Dewi Kunthi wis nglairake nanging awujud bungkus. Resi nuli tindak Ngastina.
Sapungkure Sang Resi, Dewi Gendari kelingan sumpahe, yaiku ing tembe buri putrane bakal dadi mungsuhe putrane Pandhu. Amarga putrane mung telu, Dewi Gendari duwe pangreka supaya nduwe putra satus. Kanthi cara nggunakake jasa para parekan lan emban cethi supaya nggarbini putrane Drestharastra. Wusana kasil saengga putra satus iku dijenengi Kurawa.
Ing Ngastina, Prabu Pandhu nyuwun supaya sang Resi ngruwat putrane kang awujud bungkus. Bathara Bayu rawuh lan mundhut bungkus banjur bungkus diselehake ing alas Mandalasana. Ing papan liya, ing Gunung Gandamana, Anoman lan garwane, Trijatha, nyuwun supaya enggal peputra. Dewa dhawuh supaya sowan Prabu Pandhu kanggo nyuwun sarana bisa peputra. Anoman lan garwa budhal menyang Ngastina.
Bathara Guru sawise mireng ature Bathara Bayu nuli dhawuh marang Dewi Uma supaya mbusanani jabang bayi ing jero bungkus. Dewi Uma lan Bathara Bayu nindakake dhawuhe Bathara Guru.
Ing Mandrapura, Prabu Triyata duka nalka miring ature Togog, banjur budhal menyang Ngastina.
Nalika iku ing Ngastina, Prabu Pandhu lagi nandang sungkawa. Resi Abiyasa nuli mundhut pusaka Mustika Jamus, kang malih dadi Jamus Kalimasada, kang isine Prabu Pandhu bakal peputra lima, dene putra kang ana ing bungkus ing tembe bakal bisa mbrastha mungsuh. Prabu Pandhu banjur rena ing penggalih. Ora suwe Anoman lan garwa sowan lan matur perlune. Tuwuh rasa melase Prabu Pandhu, banjur sang prabu nyuwun Sang Resi supaya paring sarana. Resi Abiyasa paring sarana kangawujud tirta kang wus diwenehi mantra, banjur diunjuk dening garwane Anoman. Ora let suwe sang garwa banjur peputra. Prabu Pandh dhawuh supaya Anoman sagarwa dumunung ing Gandamana. Anoman nyuwun pamit.
Dumadakan Prabu Pandhu nampa laporan menawa ana mungsuh kang teka. Prabu Pandhu banjur ngadhepi mungsuh yaiku Prabu Triyata. Wusanan Prabu Triyata gugur amarga ketaman jemparing Prabu Pandhu. Bala mungsuh kang ngamuk bisa dikalahake dening Sang Hyang Bayu. Pungkasane carita, kabeh padha rena ing penggalih.

PANDHU LAHIR




Jejer Kahyangan Jonggringsalaka. Bathara Guru, Bathara Narada lan para dewa padha guneman babagan kahanan kahyangan kang katekanan mungsuh saka Negara Mendhang Kumuwung, utusan Prabu Kilatbuwana, yaiku Patih Kalasrenggi sadurunge matur menawa arep nyuwun Dewi Gagarmayang supaya dadi garwane Prabu Kilatbuwana. Bathara Guru ora marengake banjur dhawuh marang Bathara Narada supaya mbudhalake para dewa ngundurake bala raseksa. Bathara Narada banjur nindakake dhawuhe lan wusana bisa ngundurake Patih Kalasrenggi lan bala raseksa.
Ing Ngastina,Prabu  Abiyasa ngutus Patih Jayamisena masang grogol ing alas Jatirokeh. Prabu Abiyasa banjur tindak menyang alas.  Ing tengah alas kepapag para raseksa saka Mendhangkumuwung, banjur dadi perang.
Resi Narada ngadhep Bathara Guru lan didangu bab kahanane perang. Resi Narada matur yen wis bisa ngundurake prajurit raseksa. Bathara Guru ngendika yen dewa mbutuhake pambiyantu saka Ngastina amarga kadigdayane mungsuh cukup abot.
Ing Mendhangkumuwung, Prabu Kilatbuwana duka sawise mireng ature Patih Kalasrenggi, banjur menyang Suralaya.
Ing pasanggrahan, Prabu Abiyasa rena penggalihe amarga para wadya bala kasil nangkap kewan buron. Dumadakan Resi Narada rawuh, lan ngendika menawa Prabu Abiyasa kaaturan menyang Suralaya. Sang nata munggah kahyangan didherekake Resi Narada. Ing dalan, Prabu Kilatbuwana lan wadya bala kang arep ngrusak kahyangan kepapag para dewa banjur padha perang. Wusana para dewa padha kalah. Resi Narada lan Prabu Abiyasa rawuh. Abiyasa banjur mungsuh lawan Prabu Kilatbuwana. Prabu Abiyasa kalah.
Bathara Guru sawise miring ature Resi Narada lan para dewa nuli paring dhawuh marang Resi Narada supaya dhateng Nagari Ngastina kanthi nggawa tirta wimasa kang mengko bakal ditetesake marang jabang bayine Dewi Ambini. Resi Narada budhal.
Ing Ngastina, Prabu Abiyasa nyuwun marang dewa supaya Dewi Ambini bisa lancar anggone nglairake putra. Sanalika Ambini bisa nglairake putra kakung. Resi Narada rawuh banjur nyiramake tirta wimasa saengga jabang bayi bisa dadi dewasa, lan pinaringan asma Pandhudewayana. Raden Pandhu digawa menyang kahyangan. Ing kahyangan Bathara Guru dhawuh marang Raden Pandhu supaya nyirnakake Prabu Kilatbuwana. Raden Pandhu kaparingan pusaka panah  Kyai Mustika Jamus. Raden Pandhu budhal didherekake para dewa. Satekane ing Mendhangkumuwung, Raden Pandhu ngadhep Prabu Kilatbuwana, nanging wusanane dadi perang. Pungkasane Prabu Kilatbuwana gugur amarga ketaman pusaka Mustika Jamus. Patihe kendhang kena angine prabawane pusaka iku. Pandhu nuli matur marang Bathara Guru yen dheweke wis bisa nyirnakake Prabu Kilatbuwana. Bathara Guru banjur maringi pusaka Serat Kalimasada lan minyak Tala minangka pisungsung. Raden Pandhu pamit bali menyang negarane.
Patih Kalasrenggi kang durung mati mesthi duka amarga Ratune diperjaya dening Raden Pandhu. Sawise ngerti Pandhu bali menyang Ngastina, Patih Kalasrenggi sawadya budhal saperlu ngrusak nagara Ngastina. Ing Ngastina, Pandhu matur marang Prabu Abiyasa, Patih Jayamisena, menawa kasil mbiyantu para dewa. Dumadakan prajurit matur menawa ana mungsuh kang nggoleki Raden Pandhu. Pandhu nuli mapag mungsuh. Wusana dadi perang lan Patih Kalasrenggi kena pusaka Mustika Jamus lan gugur. Wadya bala padha ngamuk, nanging bisa diadhepi dening Sang Hyang Bayu kang tumurun ing ngarcapada. Pungkasane carita, kabeh padha rena ing penggalih.


KABAR SAKA PASABAN
Dening: Mujono

Ing pasaban iki biyung
Sadawane lurung sadawane gurung
Si kumendhung wuyung
Liwung kayungyun gunggung
Sing tansah ambebidhung

Ing pabaratan iki biyung
Ing wana gung liwang Liwung
Si wuyung gunggung ngakani delanggung
Si ringkih ketindhih ketendhang ketundhung
Si pengung ketlikung
Ora dunung-tanpa tembung
Kaya enthung
Si kekudhung kedlurung tan keduwung
Tembung-tembung gampang suwung

Adhuh bapak adhuh ramak
Alam rusak dadi wewelak
Angkrek sigrak cikrak-cikrak
Bekakak disanak

Lemah cengkar dadi snagar
Si kolir kesingkir kesampar
Si lapa keranta-ranta
Bebara kepara-para
Pra mitra sanak kadang
Si kebandhang wis konangan
Kongang kondhang ambebarang wiring
Kulandika gelem kebandhang?
Kulandika gelem kapracondhang?

Biyung kae apa biyung:
Teja ing awang uwung
Sakulone gunung?
Cung aja sumelang aja bingung
Kae layung dudu kluwung
Djaka Lodhang No 41, Sabtu Kliwon, 13 Maret 2010


KABAR SAKA PASABAN
Dening: Mujono

Ing pasaban iki biyung
Sadawane lurung sadawane gurung
Si kumendhung wuyung
Liwung kayungyun gunggung
Sing tansah ambebidhung

Ing pabaratan iki biyung
Ing wana gung liwang Liwung
Si wuyung gunggung ngakani delanggung
Si ringkih ketindhih ketendhang ketundhung
Si pengung ketlikung
Ora dunung-tanpa tembung
Kaya enthung
Si kekudhung kedlurung tan keduwung
Tembung-tembung gampang suwung

Adhuh bapak adhuh ramak
Alam rusak dadi wewelak
Angkrek sigrak cikrak-cikrak
Bekakak disanak

Lemah cengkar dadi snagar
Si kolir kesingkir kesampar
Si lapa keranta-ranta
Bebara kepara-para
Pra mitra sanak kadang
Si kebandhang wis konangan
Kongang kondhang ambebarang wiring
Kulandika gelem kebandhang?
Kulandika gelem kapracondhang?

Biyung kae apa biyung:
Teja ing awang uwung
Sakulone gunung?
Cung aja sumelang aja bingung
Kae layung dudu kluwung
Djaka Lodhang No 41, Sabtu Kliwon, 13 Maret 2010