Jamane Simbah
lan Jaman Saiki
Bocah-bocah
saiki ora kaya bocah biyen
Dituturi
nyepelekake diomongi ora nggugu
Nalika aku
takon kepiye larahane, simbah mangsuli
Jajal gatekna
sakiwa tengenmu
Bocah-bocah
enom padha pethakilan
Goncengan
sikep-sikepan ing dalan
Ora duwe isin
nganggo klambi bledhehan
Aku mangsuli
Menika sampun
dados padatan mbah
Simbah ngeyel
Padatan kok
adoh saka pranatan
Yen jamanku
bocah-bocah isih padha ngggu wong tuwa
Ngungemi
pranatan
Bocah lanang
ora pethakilan
Bocah wadon
alus bebudene
Yen ketemu
padha isin-isin
Nanging ora
ngisin-isini kaya bocah saiki
Aku ngeyel
Nanging boten
sedaya ingkang tumindak kados ngaten mbah
Taksih wonten
ingkang ngugemi dhateng tatanan
Simbah mangsuli
Ya iku
kuwajiban kanggone sing wis bener
Kalebu kowe
ngger
Kudu bisa
ngelingake sing kleru supaya bali menyang pranatan
Aku meneng
sawetara lan mikir
Pancen bener
ngendikane simbah
Bakal dakcoba
Tidak ada komentar:
Posting Komentar