Iki manungsa kebak
dosa
Semburat
abang kang dumunung ing mega
Binareng
angsluping surya katutup mega
Wus
tekan titi wancine
Enggal
lerenana kabeh pagaweyan
Kabeh
pangandikan sarta ayahan
Tumuju
ing daleme Gusti Kang Maha Wikan
Iki
manungsa kebak dosa
Dosa
kang tanpa pepindhan
Senajan
sadhar tetep kaleksanan
Malah
asring luput saka aturan
Nglalekake
kuwajiban kang dadi tanggungan
Iki
manungsa kebak dosa
Dosa
marang sapadha-padha
Tumindak
culika mring sasama
Kanepson
sing nyebal saka pranatan
Kurang
subasita lan tatakrama marang liyan
Kanthi
sujud iki
Dakpasrahake
jiwa lan raga
Nyuwun
pangapura awit kabeh kaluputan
Kang
wus dilakoni rikala semana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar