Halaman

Jumat, 18 Oktober 2013

orek-orekan gurit



Kucing

Kucing iku kewan kang cinipta dening Gusti
Nyenengake kang nyawang
Digendhong dielus-elus dening bocah-bocah cilik apadene bocah gedhe
Kucing iku kewan kang nrima ing pandum
Pakanane mung sega karo rese
Ewadene iku wae mesthi dientekake

Kucing iku warna-warna jinise
Kucing wulu kuning, kucing wulu soklat, wulu klawu, wulu ireng, anggora, 
kucing garong, kucing endhas ireng
Sik-sik, sajake kucing loro sing keri iku nyalawadi
Mripate mendelik golek memangsan
Gaweane bludhas-bludhus ing ngendi papan
Bank, kantor pamarentahan uga ora luput dadi inceran

Apa ya patut digadhang-gadhang
Yen digadhang polahe saya ndadra
Tingkahe gawe kapitunan liyan
Ngrusak tatanan

Wis, becike kucing loro iku digusah
Kareben lunga saka urip bebrayan
Murih tentreming alam panguripan

Kamis, 17 Oktober 2013

orekan gurit

Jamane Simbah lan Jaman Saiki

Bocah-bocah saiki ora kaya bocah biyen
Dituturi nyepelekake diomongi ora nggugu
Nalika aku takon kepiye larahane, simbah mangsuli
Jajal gatekna sakiwa tengenmu
Bocah-bocah enom padha pethakilan
Goncengan sikep-sikepan ing dalan
Ora duwe isin nganggo klambi bledhehan
Aku mangsuli
Menika sampun dados padatan mbah
Simbah ngeyel
Padatan kok adoh saka pranatan
Yen jamanku bocah-bocah isih padha ngggu wong tuwa
Ngungemi pranatan
Bocah lanang ora pethakilan
Bocah wadon alus bebudene
Yen ketemu padha isin-isin
Nanging ora ngisin-isini kaya bocah saiki

Aku ngeyel
Nanging boten sedaya ingkang tumindak kados ngaten mbah
Taksih wonten ingkang ngugemi dhateng tatanan
Simbah mangsuli
Ya iku kuwajiban kanggone sing wis bener
Kalebu kowe ngger
Kudu bisa ngelingake sing kleru supaya bali menyang pranatan

Aku meneng sawetara lan mikir
Pancen bener ngendikane simbah
Bakal dakcoba

Rabu, 16 Oktober 2013

orekan gurit




Iki manungsa kebak dosa

Semburat abang kang dumunung ing mega
Binareng angsluping surya katutup mega
Wus tekan titi wancine
Enggal lerenana kabeh pagaweyan
Kabeh pangandikan sarta ayahan
Tumuju ing daleme Gusti Kang Maha Wikan

Iki manungsa kebak dosa
Dosa kang tanpa pepindhan
Senajan sadhar tetep kaleksanan
Malah asring luput saka aturan
Nglalekake kuwajiban kang dadi tanggungan

Iki manungsa kebak dosa
Dosa marang sapadha-padha
Tumindak culika mring sasama
Kanepson sing nyebal saka pranatan
Kurang subasita lan tatakrama marang liyan

Kanthi sujud iki
Dakpasrahake jiwa lan raga
Nyuwun pangapura awit kabeh kaluputan
Kang wus dilakoni rikala semana