Urip bebarengan ing tamansari
Maneka warna isi
Maneka warna kang kudu diudi
Perkara kang beda aja njalari
rubeda
Babagan kang wigati aja nganti
nglarani ati
Bebarengan ngisep madu kang cumawis
ing tamansari
Ginayuh dening rasa pangrasa kang
kebak welas asih marang liyan
Nyawiji dadi dayaning kekuwatan
kang kebak dening pralambang
Bhinneka
tunggal ika
Sanajan beda nanging tetep dadi
siji
Tidak ada komentar:
Posting Komentar