Mahabharata (basa Sansekreta: Mahabharata),
iku sawijining karya sastra kuna kang katulis déning bagawan AbyasaIndia. Mahabharata kabangun
saka wolulas kitab, mula kasebut uga Asthadasaparwa (astha
= 8, dasa = 10, parwa = kitab). Cekaking crita, Mahabharata nyritakaké konflik
antaraning Pandhawa kaliyan
nak-seduluré, paraKurawa,
prakara negara Astina. Puncaké
yaiku perang Bharatayuddha (Bratayuda)
ing tegal Kuru, perang suwéné 18 dina. Wolulas (18) Parwa kasebut yaiku Adiparwa,Sabhaparwa, Wanaparwa,
Wirathaparwa, Udyogaparwa, Bhismaparwa, Dronaparwa,Karnaparwa, Salyaparwa, Sauptikaparwa, Striparwa, Santiparwa, Anusasanaparwa,Aswamedikaparwa, Asramawasikaparwa, Mosalaparwa, Prasthanikaparwa, lanSwargarohanaparwa. Ing ngisor
iki pérangan wolulas parwa lan andharané: utawi Vyasa saking
1.
Adiparwa
Adiparwa iku
serat kapisan ing wiracarita Mahabharata. Ing
kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit utawa
Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab
kajayaning leluhuré sampèyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing katurunaning
bagawan Abyasa nyaritakaké.
Ing Adiparwa, carita-carita kang kababar yaiku: Sarpayajña utawaupacaraKsirarnawa utawa
samudra susu kanggo golek amreta,
sejarah purwa leluhuré para Pandhawa, lan
wektu timuré para Pandhawa. Carita-carita iku kabèh direngga awujud carita bingké.
Adiparwa uga ana ing versi basa Jawa Kuna. korban ula, pamuteran
2. Sabhaparwa
Sabhaparwa iku
pérangan wiracarita Mahabharata kang
nyritakaké sebab paraPandhawa Lima
dibuwang ing alas 12 taun suwéné lan ditambah kudu nyamar setaun. Pandhawa
kalah déning Duryudana nalika main dhadhu, amarga pokalé Sangkuni. Mula iku,
Pandhawa kudu nampa ukuman mau. Yen nganti konangan Kurawa, bakal ditikeli
ukumané.
3. Wanaparwa
Wanaparwa iku
terusané Sabhaparwa, kang
isiné nyritakaké bab lelakoné Pandhawa Lima ing alas buwangan. Wanaparwa iku
uga dadi dhasar inspirasi karya sastra Jawa Kuna;
yaiku kakawin
Arjunawiwaha anggitané mpu Kanwa.
4. Wirathaparwa
Wirathaparwa (Sansekreta: Vira?aparva)
nyritakaké lelakoné para Pandhawa nalika
kudu ndhelik setaun sawisé dibuwang rolas taun ing alas. Crita iki uga ana
ing Wanaparwa.
Sang Yudisthira nyamar
dadi brahmana kanthi
sebutan Kangka. Sang Wrekodara nyamar
dadi juru masak lan juru jagal jejuluk Balawa. Déné sang Arjuna nyamar dadi
wong wandukang
mulang tari lan nembang. Sang Nakula dadi bocah angon
kapal (jaran), déné sangSadewa dadi
laré angon lembu. Dèwi Dropadi dadi
juru rias ing kedhaton anami Sairindi.
Kacarita, patih Wiratha (sang
Kicaka) kasmaran marang Sairindi. Dhèwèké kepingin ngepèk Sairindi dadi
garwané. Sairindi nampik, lan Kicaka tetep meksa. Marga iku, sang Balawa banjur
matèni Kicaka. Prakara iku mèh waé mbongkar nyamaré Pandhawa. Praja Wiratha
banjur dibedhah déning para musuh Pandhawa, yaiku para Korawa saka Ngastina. Para
Pandhawa banjur perang nglawan Korawa, mbéla Wiratha. Sawisé perang bubar,
kabèh padha konangan anggoné nyamar. Ananging amarga wis ndhelik setaun suwéné,
ora dadi apa.
5. Udyogaparwa
Ing Udyogaparwa, buku kaping
lima Mahabharata,
sang Kresna dadi duta kanggo
nengahi konflik antaraning para Korawa (Kurawa) lan
para Pandhawa.
Nanging niyat mau ora dikabulaké déning para Korawa. Kresna duka, banjur
tiwikrama malih dadi buta gedhé kang mèh waé ngobrak-abrik donya. Wusanané
bakal kedadèn perang Bratayuda (Bharatayuddha).
6. Bhismaparwa
Miturut para pandhita, Bhismaparwa iku
pérangan Mahabharata kang
wigati dhéwé, amarga ing sanjeroné ana kitab Bhagavad Gita. Ing
Bhismaparwa dicritakaké kaya ngapa prajurit Korawa lan
prajurit Pandhawa padha
adhep-adhepan sadurungé perang Bratayuda (Bharatayuddha)
wiwit. Sang Arjuna lan
kusir krétané, sang Kresna,
ngadeg ing pucuking gunung. Arjuna bisa mriksani para bala prajurit Korawa lan
para Korawa, seduluré dhéwé. Arjuna sedhih amarga kudu perang lawan seduluré.
Nadyan Kurawa kuwi wong ala, Arjuna kèlingan kaya ngapa nalika cilik padha
bebarengan anggoné sinau lan dolanan. Banjur saiki adhep-adhepan kaya satru
memungsuhan. Kanggo mbombong Arjuna, Kresna banjur paring wejangan. Jejering
satriyatama kudu wani bela marang bebener, mbrastha durangkara nadyan bakal
memungsuhan karo seduluré dhéwé. Wejangan iku katelah Bhagavad Gita,
tegesé Gita sang bagawan utawa nyanyian tiyang suci.
Kitab Bhismaparwa uga nyritakaké kalahé
sang Bhisma, uwak
para Pandhawa lan Korawa. Bhisma iku kagungan aji-ajisaratalpa) nganti Bharatayuddha bubar.
Bhisma ketaman maèwu-èwu jemparing nganti dhawah, nanging ora tiba ing lemah,
amung anèng pucuk-pucuk jemparig mau. bisa séda sawanci-wanci. Nanging dhèwèké
milih tetep turon ing “pasaréyan jemparingipun”
7. Dronaparwa
Kitab Dronaparwa ora ana
ing Tanah Jawi. Kitab
kang kaping pitu saka wiracaritaMahabharata iku
nyritakaké prakara sédané bagawan Drona ing
perang Bratayuda (Bharatayuddha).
Dhèwèké diapusi Yudisthira nalika
Drona krungu Aswatama putra
kinasihé, gugur ing palagan. Yudhistira iku duwé watek jujur, ora gelem dora.
Nanging marga akalé Kresna, Yudhistira kapeksa goroh matur marang Drona.
Sabeneré kang gugur iku dudu Aswatama, nanging Esthitama (gajah). Marga aturé
Yudhistira lirih lan mèmpèr nyebut Aswatama, mula Drona banjur nglolosi badané
banjur kaperjaya déning Pandhawa.
8. Karnaparwa
Karnaparwa, iku
kitab kaping 8 Mahabharata. Isiné
nyaritakaké sang Salya kang
dadi kusir rata sang Karna.
Kanthi kréta kang dikusiri déning Kresna, ing perang tandhing iku, wusanané
sang Karna kaperjaya dening sang Arjuna, seduluré dhéwé.
Kitab ini ora ana ing versi Basa Jawa Kuna.
9. Salyaparwa
Salyaparwa iku
kitab kaping 9 Mahabharata. Kitab
iki nyaritakaké sang Salya kang
dadi sénapati perang para KorawaBharatayuddha).
Wusanané banjur kaperjaya déning prabuYudisthira.
Ngerti kahanan mau, Dèwi Satyawati (garwané Salya) banjur abèla pati (bunuh
dhiri). ing Bratayuda (
10. Sauptikaparwa
Sauptikaparwa iku
kitab kaping 10 Mahabharata. Kitab
kang ora ana vèrsiné ing basa
Jawa Kuna iki nyaritakaké sang Aswatama.
Dhèwèké arep mbales para Pandhawa banjur meneng-meneng mlebu kedhaton Ngastina. Ing
kono banjur mejahi para putra Pandhawa,Srikandi, lan
liya-liyané. Ing wusanané, Aswatama banjur kaperjaya déning sang Arjuna. Ing sastra Jawi
Ènggal, carita iku dadi lelampahan ringgit (lakon wayang) “Aswatama Gugat”.
11. Striparwa
Striparwa iku
kitab kaping 11 Mahabharata. Kitab
iki ora ana ing vèrsi Jawa Kunané.
Carita kang cekak iki ngandhut isi sasambaté para garwa satriya kang tinilar
pejah ing perang Bratayuda (Bharatayuddha). Para
garwa mau banjur nindakaké ritual sraddha.
12. Santiparwa
Santiparwa iku kitab kaping 12 Mahabharata. Ing
versi basa Jawa Kuna, kitab iki ora ana. Ing kitab iki dicaritakaké prakara
wejangan-wejangan bagawan Bisma nalika
anèngsaratalpa utawa “ranjang panah” sawisé kalah ing perang
Bratayuda (Bharatayuddha).
Bisma paring wejangan wigati marang Raja Yudisthira.
13. Anusasanaparwa
Anusasanaparwa iki
kitab kaping 13 Mahabharata minangka
terusané Santiparwa,
prakara gunemané Yudhistira lan Bisma. Kitab iki ora ana
ing versi basa Jawa kuna. Ing kitab iki uga dicritakaké anggoné Bisma séda lan wangsul
menyang swarga.
14. Aswamedikaparwa
Aswamedikaparwa iki
kitab kaping 14 Mahabharata. Kitab
iki ora ana ing versi basa Jawa Kuna. Kitab iki nyaritakaké Parikesit,
putra Abimanyu, wayah
(putu) Arjuna kang
dijumenengaké dadi Ratu Ngastina nganti
séda, dicakot déning si naga Taksaka.
Carita bab Parikesit kang dicakot déning Taksaka uga ana ing kitab kapisan,
kitab Adiparwa.
15. Asramawasikaparwa
Asramawasikaparwa utawa
ing versi Jawa Kuna kasebut Asramawasanaparwa iku serat utawa buku
kaping 15 ing wiracarita Mahabharata.
Caritané mangkéné: Sawiséperang Bharatayuddha,
sang Drestarastra diangkat
jumeneng dadi ratu limalas
taun suwéné ing Ngastina.
Karepé nulung Drestarasta amarga para putra lan kulawargané uwis ora ana kabèh.
Para Pandhawa isih
padha taat lan bekti nglelipur Drestarastra supaya ora kèling-kèlingan para
putrané. Ananging sang Wrekodara rumangsa
anyel amarga kélingan sang Duryodana kang
biyèné seneng tumindak ala. Nalika ora ana sapa-sapa, sang Drestarastra banjur
dilèh-lèhaké luputé. Ing wusana sang Drestarastra ora tahan manèh lan pamit
marang Yudisthira kersa tilar nagari, manggon ing alas. Dhèwèké banjur diteraké
para sesepuh: Arya Widura, Dèwi
Gandhari lan Dèwi Kunthi.
Nalika mbangun tapa, Pandhawa naté niliki, ananging ora suwé, sang
Drestarastra banjur séda lan disusul déning para pendhèrèké.
16. Mosalaparwa
Mosala Parwa iku perangan nomer 16
(nembelas) ing kitab Mahabharata. Ing
kéné kacaritakaké musnané para Wresni lan Yadu, utawa wong-wong ing krajan
Mandura (Madura)-Dwarawati. Nalika kuwi Bathara Narada lan
sawetara resi lunga menyang Dwarawati. Ing kéné wong-wong iki nylamur laku dadi
pandhita. Samba lan
wong-wong Dwarawati nggoda. Samba didandani
kaya déné wanita kang lagi ngandhut (meteng). Pandhita mau ditakoni ‘’bayi’’
kang ana ing weteng iku lanang apa wadon. Pandhita mau nesu amarga ngerti yèn
sejatiné wong mau Samba kang lanang. Pandhita iku supata yèn mengkoné Samba
bakal nglairké tenan gada (mosala) wesi kang bakal matèni trah Yadu. Pocapan
iku dadi kasunyatan. Sawisé lair gada kuwi, banjur dilebur dadi lebu (serbuk)
lan diguwang menyang segara. Baladewa lan Kresna banjur nglarang
wong-wong padha mabuk-mabukan.
Sawijiné dina, Bathara Kala teka.
Iku dadi pratandha yèn bakal ana bebaya. Wong-wong sanegara banjur gawé upacara
ing pinggir segara. Nalika upacara iki dileksanakaké, wong-wong padha ngombé
arak, mabuk, lan adu tandhing. Pisanané Satyaki ngécé Kretamarmakang
mlayu saka paprangan Bharatayuddha.
Kretamarma mati dipatèni déning Satyaki nganggo kayu glagah kang thukul ing
cedhak kono. Wit-wit glagah iku sejatiné saka gada (mosala) kang dibuwang ing
segara. Glagah mau banjur dadi wesi kang kuwat. Wong-wong banjur padha tandhing
nganggo glagah-glagah mau lan mati kabèh. Kresna lan Baladewa sedhih. Ing crita
iki iku kasebut patiné Baladewa lan Kresna. Baladewa mati nalika tapa lan saka
tutuké metu naga. Kresna mati nalika tapa kanthi lungguh ing godhong, ing
ngalas. Nalika iku uga ana wong kang lagi mbedhag (beburu) lan panahé ngenani
Kresna.
17. Prasthanikaparwa
Prasthanikaparwa iku
kitab saka wiracarita Mah?bh?rata pérangan
kang kaping-17. Kitab iki uga ana sadhurané ing basa Jawa Kuna. Sang Maharaja
Janaméjaya ndangu bagawan Wésampayana supaya nyritakaké prastawa sawisé para
Yadu sirna binesmi. Bagawan Wésampayana banjur ngandika yèn Yudhisthira
mula-mulané pasrah bareng para Yadu wis séda kabèh. Prabu Yudhisthira banjur
ngandika marang sang Arjuna yèn bathara Kala kang nyababaké kabèh
kasripahan iki. Prabu Yudhistira banjur dhawuh para saduluré supaya lèrèh
kaprabon lan mbangun tapa. Sawisé iku para Pandhawanjumenengaké
ratu sang Parikesit ing
Ngastina, diemong déning bagawan Krepa lan Yuyutsu. Sawisé iku, sawijining dina
banjur nganakaké upacara kanggo mèngeti para Yadu sing wis séda. Para kaum
brahmana disumbangi dhuwit lan para Pandhawa salin rasukan, ngagem kulit kayu
(dluwang) banjur tindak tapa nilar kaprabon. Ana uga sawijining segawon kang
ndhèrèkaké. Sang Parikesit sawadyabala uga ndhèrèkaké, nanging banjur mulih
menyang kedhaton.
Para Pandhawa mbacutaké lelanané tekan
sagara. Nalika iku Sang Hyang Agni rawuh lan dhawuh marang sang Arjuna,
supaya jemparing kang
naté diparingaké nalika alas Kandhawa kobong, kacemplungna ing segara. Sawisé
iku, kabèh padha nerusaké laku manèh nurut pasisir, banjur mènèk gunung Himalaya,
metu ara-ara wedhi(walukarnawa).
Nalika iku sang Dropadi ana ing kana rubuh, séda. Sebab sédané Dropadi yaiku
amarga mbiyèn sanadyan dadi garwané para Pandhawa lima, dhèwèké paling asih
marang Arjuna. Sawisé iku sang Sadéwa, uga séda. Sebab sédané yaiku dhèwèké
kumalungkung lan gumedhé, yèn ora ana kang madhani kapinterané dhèwèké. Sawisé
iku, Nakula uga séda. Sebab sédané Nakula amarga dhèwèké gumedhé ora ana sing madhani
kabagusané. Banjur Arjuna ya séda, sebabé dhèwèké tau gumedhé nalika perangBratayuda,
sesumbar celathu bisa ngalahaké para Korawa ing sadina. Ing wusanané sang
Wrekodara ya rubuh, séda. Sebabé, yèn mangan dhèwèké mesthi ora mikir wong liya
lan kasar ora nduwé tatakrama.
Bathara Indra mapagaké sang Yudhisthira
banjur ngaturi mlebu swarga. Sang
Yudhistira duwé karsa bilih si asu ya diparengaké ndhèrèk. Wasana, si asu
badhar dadi Bathara Darma. Yudhisthira banjur mlebu sabadané wadhag. Nanging
bareng ana ing swarga ora ketemu karo adhi-adhiné sarta déwi Dropadi. Sang
Yudhisthira sumadya nggolèki, karsa kumpul karo para sadulur ing naraka.
18. Swargarohanaparwa
Swargarohanaparwa iku
carita Mahabharata pérangan kang angka 18 lan kang pungkasan. Kang dicaritakaké
iku: Prabu Yudhisthira uninga sang Duryodana ana ing swarga kasungga-sungga.
Sang Yudhisthira kersa uninga dunungé para rayi-rayi, banjur mlebu ing naraka,
kadhèrèkaké utusan, pinangka saka dhawuhé para Jawata. Ana ing naraka uninga
sawernaning paukuman lan mireng sambaté wong-wong kang padha disiksa. Wasana
kang padha kasiksa lan sambat-sambat mau rayi-rayi lan kulawargané. Sang
Yudhisthira ora trima déné Jawata ora adil. Sing andhèrèkaké kadhawuhan mulih,
sang Yudhisthira ora kersa bali saka naraka. Para Jawata padha rawuh, naraka
banjur malih dadi swarga. Olèhé para Pandhawa ana naraka iku kaukum déné cidra
marang sang guru, bagawan Drona lan liya-liyané; nanging saiki wis luwar.
Sumber:
sastrajawa.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar