Halaman

Senin, 13 Januari 2014

Latiyan Soal Kelas XI



Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tliti kanggo mangsuli pitakonan kang ana ing ngisore!
Kebumen, 10 November 2013
Marang anakku
Agus Suyanto sakulawarga
Ing Purwokerto
Pamuji raharja,
Wiyose layang iki minnangka gantine tekaku mrana, jalaran aku isih repot banget, mula durung kober tilik.
Dene kahananku sakulaawarga uga tansah pinaringan slamet. Muga-muga kowe sing ana Purwokerto tansah pinayungan dening Gusti Maha Agung, adoh saka rubeda.  Kejaba kuwi kapeksa aku durung bisa mrana merga pancen ya isih akeh gawean lan ibu telung dina iki rada gerah.
Ngene ya Gus, yen tanpa alangan, tanggal 30 Desember 2013 adhimu Joko arep khitanan. Lan rancanganku ora nganggo resepsi gedhen, nanging ya tetep ngundang kanca. Mula tak jaluk kowe muliha dhisik kanggo ngancani Adhimu, lan ngrewangi ribede Bapak.
Tak lira kabar liya durung ana.
Wusana semene dhisik, yen ana luputku sing gedhe pangapuramu.
Saka Bapak

Wiryahardjana

1.      Pamuji raharja ing layang ndhuwur kuwi jenenge....
a.       Pambuka
b.      Titimangsa
c.       Salam pakurmatan
d.      Adangiyah
e.       Pambuka isine layang
2.      Marang anakku Agus Suyanto  kena diarani...
a.                   Pambuka
b.                   Titimangsa
c.                   Salam pakurmatan
d.                  Adangiyah
e.                   Pambuka isine layang
3.      Isine layang kang paling wigati ing layang kuwi yaiku....
a.       Aku ora bisa mrana
b.      Adhimu arep khitanan
c.       Aku lagi repot banget
d.      Ibumu lagi gerah
e.       Arep ngundang kanca-kanca
4.      Menawa lulus saka pandadaran bakal entuk :
a.       Layang katrangan
b.      Partisara
c.       Layang dhines
d.      Ulem-ulem
e.       Sedhahan
5.      Layang kang disebar supaya diwaca wong akeh kuwi klebu layang....
a.       Kabar
b.      Kiriman
c.       Pribadhi
d.      Iber-iber
e.       Asman
6.      Sing padha mangayubagya manten kae racake wong sugih.
Mangayubagya tegese...
a.       Melu
b.      Nyarujuki
c.       Ngramekake
d.      Nyenengake
e.       Ngguyubi
7.      Bocah lanang tak kekudang dadiya satriya utama. Kekudang tegese....
a.       Digawe becik
b.      Dikandhani
c.       Dituntun
d.      Dilela-lela
e.       Diarep-arep
8.      Pusakane Basudewa jenenge ....
a.       Pasupati
b.      Gada Wesi Kuning
c.       Alugara
d.      Kalanadhah
e.       Nagasasra
9.      Sing dumunung ing alun-alun kraton jenenge....
a.       ꦈꦶꦆꦗꦶꦓꦶꦁꦿ
b.      ꦺꦑꦺꦆꦼ
c.       ꦊꦐꦷꦽꦈꦷꦇꦶ
d.      ꧂ꦈꦶꦓꦶꦁꦘꦹꦃꦸꦼ
e.       ꧂ꦈꦶꦓꦶꦺꦁꦛꦆ
10.  Garwane ratu sing resmi lan kagungan hak putrane bisa dadi ratu, arane...
a.       ꦀꦺꦏꦞꦍꦁꦿ
b.      ꧂ꦊꦺꦏꦇꦜꦃꦶ
c.       ꧂ꦇꦶꦃꦆꦸ
d.      ꦃꦆꦸꦀꦍꦸ
e.       ꧂ꦊꦑꦸꦄꦷꦎ
11.  Sing jenenge Nyamat dununge ana....
a.       Jerone kuluk
b.      Jabane kuluk
c.       Ngisore kuluk
d.      Sakupenge kuluk
e.       Puncake kuluk
12.  Tembung “hastungkara” tegese....
a.       Meneng
b.      Anteng
c.       Siap
d.      Ndedonga
e.       Manembah
13.  Serat Kalatidha iku anggitane...
a.       R. Ng. Yasadipura
b.      R. Ng. Ranggawarsita
c.       Pakubuwana IV
d.      Mangkunegara IV
e.       Mangkubumi
14.  Sing ora kalebu jinising layang yaiku....
a.       Layang talak
b.      Layang kaleng
c.       Layang gadhen
d.      Layang asman
e.       Layang pribadi
15.  Panutup ana ing sesorah kedadeyan saka pratelan ing ngisor iki, kajaba...
a.       Ringkesan sesorah
b.      Tujuwan sesorah
c.       Nyuwun pangapura
d.      Nglenggana kekurangane
e.       Salam panutup

II. Wangsulana pitakon iki nganggo Basa Krama!
1.      Apa bedane paragraf induktif lan deduktif? Jlentrehna lan wenehana tuladha!
2.      Coba tulisen nganggo aksara Jawa
·         Upamane sapu den esuhi
·         Kang sakolong gebenganing sada
·         Pinutung tangeh cokleke
·         Iku wujuding rukun
·         Karosane ngedab-edabi
·         Nanging yen winudharan
·         Sadane wus mawut
·         Luwih gampang cinoklekan
·         Iku tandhane wong kang tan nunggal kapti
·         Ringkih tur tanpa daya
3.      Gaweya layang marang simbahmu, menawa kowe ora bisa mulih menyang Sala, lan matura yen ibu lagi gerah dadi kudu nunggoni ana Rumah Sakit.
4.      Wenehana tuladha tanggap wacana ing pasamuwan!
5.      Gawenen cakepan tembang macapat Dhandhanggula lan Sinom!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar