Halaman

Sabtu, 18 Januari 2014




Urip bebarengan ing tamansari
Maneka warna isi
Maneka warna kang kudu diudi
Perkara kang beda aja njalari rubeda
Babagan kang wigati aja nganti nglarani ati

Bebarengan ngisep madu kang cumawis ing tamansari
Ginayuh dening rasa pangrasa kang kebak welas asih marang liyan
Nyawiji dadi dayaning kekuwatan
kang kebak dening pralambang
Bhinneka tunggal ika
Sanajan beda nanging tetep dadi siji


Jumat, 17 Januari 2014




Endah..
Tembung kang kawetu saka lathimu
Nanging tanpa guna
Amung lamis

Alus....
Solah bawamu
Jebul ing buri
Kaya cakil pethakilan

Pindha bunglon
Malih rupa
Nanging titenana
Ana wancine bunglon bakal sirna


Selasa, 14 Januari 2014

AKSARA JAWA



1.      AKSARA DENTAWYANJANA
Dentawyanjana tegese swara gigi (denta = gigi, wyanjana = suara). Istilah iki digunakake kanggo nyebut huruf Jawa (carakan Jawa).
Dentawyanjana cacahe ana 20, yaiku:


1.      SANDHANGAN
Sandhangan yaiku tandha kanggo ngowahi lafal aksara Jawa lan pasangan. Sandhangan kaperang dadi 4 :
a.     sandhangan swara
b.     sandhangan wyanjana
c.    sandhangan panyigeging wanda sandhangan pangkon
d.     Sandhangan pangkon




Sandhangan pangkon (paten)
Wujude ꦿ. Sandhangan kanggo mateni aksara Jawa.
Pangkon uga bisa kanggo ngganti  tandha koma (kang ngganti pada lingsa/); yen pangkon ditututi  pada lingsa padha karo pada lungsi/ (tanda titik).


3. PASANGAN
 
3. Aksara Murda
Kanggo nulis asma lan gelar wong kang diurmati.